Tembang macapat

Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939–41, #1024

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939–41, #1024

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
197–198 dari 234
1.164–1.165 dari 1.487
11.632–11.641 dari 14.865
197.028 kunêng ingkang kawuwusa | wau sira radèn rêkyana patih | wus budhal sawadyanipun | saking dhusun Ngungaran | sampun prapta Paterongan lampahipun | lajêng samya masanggrahan | gumrah swaraning kang dasih ||
197.029 Ki Rajaniti pinarnah | ing gêgunung saha bala mênuhi | wadya pasisir sadarum | sagunging pra dipatya | samya sowan ing rahadèn patih wau | miwah pun Singsèh Sapanjang | saha wadya amanggihi ||
197.030 prasamya suka sadaya | senapatinira pan sampun prapti | radèn patih ngandikasru | enjang padha kiraba | lêlèdhèkên Kumpêni dimène mêtu | dèn gumuruh surakana | aywana mundur ing jurit [25: 20] ||
198. Durma
198.001 tan kawarna ing dalu wuwusên enjang | sagunging pra dipati | ngirabakên wadya | miwah prajurit Cina | rame surakira atri | dyan kawarnaa | wau bala Kumpêni ||
198.002 asadhiya mêdal amagut ing yuda | nêmpuh bitingirèki | Ngabèi Trêbaya | lajêng têmpuh ing yuda | arame bêdhil-binêdhil | prajurit Cina | sigra dènnya nulungi ||
198.003 tinindhihan marang Radèn Martapura | wong Cina ngamuk wani | Kumpêni apanggah | rame dènira yuda | Kumpêni kathah ngêmasi | pan ingamukan | kalawan pêdhang abir ||
198.004 pan kasaput ing dalu sapih kang yuda | ing enjingira nênggih | Radèn Martapura | lan Ngabèi Trêbaya | sowan ing radèn apatih | apan ambêkta | murdane wong Kumpêni ||
198.005 sapraptane ing ngarsanira rahadyan | atur solahirèki | kalanira yuda | dyan patih langkung suka | sirah kinèn amanjêri | ing pabitingan | amundhut radèn patih ||
198.006 yatra kawan atus sarwi angandika | lah tampanana iki | patêdhan sang nata | radèn waratakêna | marang ing wadyanirèki | matur sandika | Radèn Martapurèki ||
198.007 mundhut malih tigang atus praptèng ngarsa | ngandika mring ngabèi | iki tampanana | pêparinging narendra | Ngabèi Trêbaya aglis | majêng tur sêmbah | ngandika radèn patih ||
1.164–1.165 dari 1.487