Tembang macapat

Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939–41, #1024

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939–41, #1024

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
198 dari 234
1.169–1.170 dari 1.487
11.684–11.693 dari 14.865
198.050 sanjatane ingkang samya munggwing ngarsa | lagya mungêl ming kalih | samya nandhak tumbak | lêlurah jayantaka | wit pandhan dèn parêpêki | arsa ampingan | pandhan wus dèn ênggoni ||
198.051 dening bala Kumpêni nuli anyipat | wong jayantaka kêni | pêpilinganira | pun Tirta kapisanan | wong anirmala nulungi | Baud namanya | lan kancane satunggil ||
198.052 tinadhahan ingêdrèl pan sampun kêna | wong nirmala kêkalih | lan wong jayantaka | ingkang bêkta bandera | kêni pan sampun ngêmasi | radèn apatya | duka yayah sinipi ||
198.053 anrêgakên wadya sakarining pêjah | grêgut mangsah ngawaki | winga-winga ing tyas | sumung-sumung ing jaja | wau kang bala [25: 27] Kumpêni | mundur sadaya | wangsul bantune prapta |[1]|
198.054 mangsah malih ngêdrèl ping kalih rambahan | panggah radèn apatih | ajur songsongira | saking pangrêdrèlneka | adrêsing mimis Kumpêni | radèn apatya | maksih rinêksèng Widi ||
198.055 kudanira pun Rondhon kêni sanjata | lêlêmpènge kang keri | turăngga anjingkat | nanging radèn apatya | maksih muka ing ajurit | dyan sutanira | ran Sutawijayèki ||
198.056 anyamêthi kuda marpêki kang rama | matur sarwi anjêlih | ngaturi mundura | nanging wau kang rama | maksih apanggah ing jurit | tan piniyarsa | kang putra jêlèh malih ||
198.057 Radèn Sutawijaya sarwi karuna | dawêg mundur kiyai | pan wadya paduka | punika sampun risak | ingayomana rumiyin | yèn sampun pêpak | benjang maguta malih ||
198.058 tan pinirsa maksih nêngah ing ayuda | kang putra jêlèh malih | kiyai turăngga | pun Rondhon nandhang tiwas | lêmpènge punika kanin | kagyat kang rama | sarwi nolih ing nguri[2] ||
198.059 tiningalan pun Rondhon lêlêmpèngira | butul rahnya umijil | ya ta angandika | hèh payo Martayuda | ingsun unduri rumiyin | salin turăngga | mêngko umangsah malih ||
1.169–1.170 dari 1.487

 


Biasanya guru lagu i: prapti. (kembali)
wuri. (kembali)