Tembang macapat

Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939–41, #1024

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939–41, #1024

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
198 dari 234
1.170–1.171 dari 1.487
11.693–11.702 dari 14.865
198.059 tiningalan pun Rondhon lêlêmpèngira | butul rahnya umijil | ya ta angandika | hèh payo Martayuda | ingsun unduri rumiyin | salin turăngga | mêngko umangsah malih ||
198.060 nulya mundur awatara têbahira | tan ingungsir Kumpêni | kèndêl sira radyan | munggèng sandhaping kamal | miwah kang bala Kumpêni | mundur sadaya | kèndêl ngarsaning biting ||
198.061 sira radyan têdhak saking ing [25: 28] turăngga | kinèn ngantukna aglis | marang pasanggrahan | prapta wus cinuculan | gumêtêr nulya ngêmasi | katur rahadyan | langkung ngungunirèki ||
198.062 Sayid Mahbub nusul marang ing payudan | panggih lan radèn patih | maksih yun-ayunan | apan arsa ngamuka | ngaturi umangsah malih | radyan ngandika | mangke tuwan dèn ririh ||
198.063 lagya ngumpulakên wadya kang kapisah | gya kinèn anjagani | Tuwan Sayid dika | manawi mangsah yuda | lajêng dènnya wira-wiri | nèng ngarsanira | radèn rêkyana patih ||
198.064 ingkang wadya Kumpêni ngumpul barisnya | aglar ngarsaning biting | anjêjêr kewala | praptèng pukul satunggal | tan obah dènira baris | ing wanci asar | mundur bala Kumpêni ||
198.065 sira radèn apatih sawadyanira | nimbangi mundur sami | samya masanggrahan | wau kang pabitingan | Kumpêni tan angênggèni | tuwin wong Jawa | tan purun angantuki ||
198.066 sagunging pra dipatya mundur barisnya | myang wadya Cina sami | mundur barisira | tan ana kang maguta | antawis ing pănca ratri | sira Kapitan | Singsèh sawadyanèki ||
198.067 sowan marang rahadèn rêkyana patya | nuwun prênahirèki | dènnya bêbitinga | ya ta radên apatya | emut ing supênèng nguni | lamun wong Cina | duk katingal dadyèstri ||
198.068 wus pinarnah anunggila lan Sapanjang | kulon dadia siji | sira radèn patya | akèn akarya surat | mring carik atur [25: 29: a...tur] upaksi | yèn yudanira | tan asor tan ainggil ||
1.170–1.171 dari 1.487