Tembang macapat

Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939–41, #1024

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939–41, #1024

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
198 dari 234
1.164–1.165 dari 1.487
11.639–11.648 dari 14.865
198.005 sapraptane ing ngarsanira rahadyan | atur solahirèki | kalanira yuda | dyan patih langkung suka | sirah kinèn amanjêri | ing pabitingan | amundhut radèn patih ||
198.006 yatra kawan atus sarwi angandika | lah tampanana iki | patêdhan sang nata | radèn waratakêna | marang ing wadyanirèki | matur sandika | Radèn Martapurèki ||
198.007 mundhut malih tigang atus praptèng ngarsa | ngandika mring ngabèi | iki tampanana | pêparinging narendra | Ngabèi Trêbaya aglis | majêng tur sêmbah | ngandika radèn patih ||
198.008 waratakna iya marang baturira | dèn padha anglabuhi | ing karya sang nata | yèn nagri dalêm arja [25: 21] | têkan anak rabinèki | milu karêksa | dèn padha ngras ugi |[1]|
198.009 lamun ingkang sinandhang lawan pinangan | barkate sri bupati | Ngabèi Trêbaya | matur sarwi karuna | kang abdi tan darbe urip | langkung sih marma | tan sagêd amangsuli ||
198.010 nulya samya tinundhung mring pamondhokan | antawis tigang latri | wong Kumpêni mêdal | angilèn lampahira | Sabukalu kang ginitik | bitinganira | rame campuh ing jurit ||
198.011 Ki Tumênggung Mangkuyuda amiyarsa | lan Ki Wiragunèki | atêtulung sigra | rame abêbêdhilan | Sabukalu angudhuni | sawadyanira | nêmpuh angamuk wani ||
198.012 ingkang wadya Kumpêni panggah ing yuda | samya ungkih-ingungkih | rukêt lawan pêdhang | sagung prajurit Cina | samya ngantêp ing ajurit | wus kathah pêjah | Cina miwah Kumpêni ||
198.013 Sabukalu pangamukira lir yaksa | kalawan pêdhang abir | gêmpang kang katrajang | Kumpêni kathah pêjah | mundur kang bala Kumpêni | prajurit Cina | samya anglud mangungsir ||
198.014 wong Kumpêni undure alêlumbungan | pan maksih ambêdhili | Sabukalu kêna | kêkêmpunge kang kiwa | pan angrêm mimisirèki | wus ginosongan | wong Cina mundur sami ||
1.164–1.165 dari 1.487

 


Kurang satu suku kata: dèn padha ngrasa ugi. (kembali)