Tembang macapat

Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939–41, #1024

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939–41, #1024

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
198–199 dari 234
1.170–1.171 dari 1.487
11.699–11.708 dari 14.865
198.065 sira radèn apatih sawadyanira | nimbangi mundur sami | samya masanggrahan | wau kang pabitingan | Kumpêni tan angênggèni | tuwin wong Jawa | tan purun angantuki ||
198.066 sagunging pra dipatya mundur barisnya | myang wadya Cina sami | mundur barisira | tan ana kang maguta | antawis ing pănca ratri | sira Kapitan | Singsèh sawadyanèki ||
198.067 sowan marang rahadèn rêkyana patya | nuwun prênahirèki | dènnya bêbitinga | ya ta radên apatya | emut ing supênèng nguni | lamun wong Cina | duk katingal dadyèstri ||
198.068 wus pinarnah anunggila lan Sapanjang | kulon dadia siji | sira radèn patya | akèn akarya surat | mring carik atur [25: 29: a...tur] upaksi | yèn yudanira | tan asor tan ainggil ||
198.069 êpur sapih maesa duta umêsat | ing marga tan winarni | praptèng Kartasura | wus panggih kang caraka | lan Tirtawiguna nênggih | katur kang surat | saking radèn apatih ||
198.070 tinupiksa lajêng katur ing sang nata | ngungunira tan sipi | dene amiyarsa | dènnya kèsisan bala | dadya ngawaki pribadi | alon ngandika | si paman nêniwasi ||
198.071 durung pira prang nuli kèsisan bala | ngêndyana senapati | nuli ngadu awak | lagya pêpucuking prang | paran ta dadine enjing | Tirtawiguna | nêmbah turira manis ||
199. Dhandhanggula
199.001 inggih alêrês pangandikaji | abdi dalêm pun Natakusuma | yèn makatêna tandange | pan agal wawratipun | anglingsêmi ing sri bupati | prasasat sri narendra | lingkab samiripun | pasthi ngèsêman de mêngsah | angandika wau jêng sri narapati | iya Tir wis mêtua ||
199.002 lah warahên dutane si patih | aywa yuda yèn durung samakta | angayomana wadyane | ywa Tirtawiguna wus | mêdal saking ing dalêm puri | sapraptanirèng jaba | lan duta wus cundhuk | dhinawuhakên timbalan | nanging layang boya kalilan ngangsuli | manirajrih matura ||
199.003 duta pamit mêsat saking ngarsi | tan winarna ing marga wus prapta | nagri Samarang enjinge | caraka gya tumanduk | ngabyantaranira apatih | katur saaturira | miyarsa angungun | kèndêl datan angandika | duta matur angaturakên pawarti [25: 30: pa...warti] | susah ing Kartasura ||
1.170–1.171 dari 1.487