Tembang macapat

Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939–41, #1024

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939–41, #1024

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
198 dari 234
1.166–1.167 dari 1.487
11.653–11.662 dari 14.865
198.019 pan ing pukul gangsal munggèng palataran | saha ngandika aris | mring kang wadya lurah- | ira wong jayantaka | ngêndi banene sawêngi | pondhoke sapa | kang kinarutug bêdhil ||
198.020 dene durung ana kang atur uninga | priksanên dèn agêlis | Surajaya enggal | sigra duta amêsat | lan Surajaya wus panggih | gya dhinawuhan | satimbalaning gusti ||
198.021 aturira Ki Ngabèi Surajaya | punika yèn watawis | biting Mangkuyudan | lan biting Wiragunan | andika matur ing gusti | lamun sambada | sawarnining prajurit ||
198.022 kinirabna gumêlar ing ara-ara | wangsul ponang dutaglis | katur aturira | Ngabèi Surajaya | ngandika rahadèn patih | ya undhangana | kancamu konên aglis ||
198.023 sira payo dhingin mêtu lawan ingwang | sigra rahadèn patih | mêdal mung sakawan | wadya [25: 23] ingkang tut wuntat | nanging wus busanèng jurit | jumênêng ngandhap | asêm amundhut aglis ||
198.024 bêndhe kinèn anêmbang munya angangkang | kumrab ingkang ajurit | nanging dèrèng tata | mêdal asalang tunjang | gugup umiyat ing gusti | dene wus mêdal | dadya arêbut dhingin ||
198.025 sarêng mêdal raditya bala Walănda | mêdal saking ing loji | arsa ngantêp yuda | anggamêng lampahira | ingkang kilèn apan maksih | abêbêdhilan | Kumpêni kang mêdali ||
198.026 pan angetan Singsèh pabitinganira | ingkang arsa ginitik | lawan bitingira | Rahadèn Martapura | lan Ngabèi Trêbayèki | têmpuh ing yuda | rame bêdhil-binêdhil ||
198.027 Ki Ngabèi Trêbaya sawadyanira | nêmpuh angamuk wani | Radèn Martapura | mangsah nindhihi Cina | arame bêdhil-binêdhil | prajurit Cina | sami ngamuk mangungkih ||
198.028 ingkang wadya Kumpêni panggah ing yuda | angêdrèl wanti-wanti | kukusing sundawa | pêtêng angampak-ampak | wong Cina wus kathah mati | ing wuri prapta | ngamuk pêdhang lan abir ||
1.166–1.167 dari 1.487