Tembang macapat

Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939–41, #1024

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939–41, #1024

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
198 dari 234
1.167–1.168 dari 1.487
11.668–11.677 dari 14.865
198.034 ingkang tatu Rahadèn Sutasantana | wadyalit kèh ngêmasi | sira radèn arya | giris ngoncati yuda | dhadhal sawadyanirèki | pondhokanira | pan sampun dèn obongi ||
198.035 ya ta wau rahadèn rêkyana patya | miyat mungsuh dhatêngi | umundhut turăngga | mring lurah gamêlira | Ki Rêksapada namèki | kêkambilana | Si Kidung ta dèn aglis ||
198.036 pan pun Kidung punika kinudang-kudang | titihaning ajurit | tan adangu prapta | kuda wus tinitihan | mangsah rahadèn apatih | wadya pangarsa | samya arêbut dhingin ||
198.037 wong anjayamênggala kang munggèng ngarsa | lawan wong jayènglatri | wong sêcanirmala | lan wong jayaparusa | wong tanpagêmbung lan malih | wong tanparaga | kang samya munggèng ngarsi ||
198.038 dene ingkang cêlak lawan gustinira | wadya jayèngastrèki | lan wong jayantaka | lawan wong narantaka [25: 25] | wong anirmala lan malih | wong kapêtêngan | garêbêg kanan keri ||
198.039 wadyabala Kumpêni kang ngungsir samya | ing radèn arya nênggih | Malayakusuma | lajêng pangêludira | wadyane radèn apatih | katunjang samya | kalulun ing wadyèki ||
198.040 Radèn Arya Malayakusuma dhadhal | milwa lumayu ngisis | wau radèn patya | kèndêl ing lampahira | turangganira tan kêni | lêlarèn ngarsa | jêblog kudanirèki ||
198.041 cinamêthi pun Kidung mopo kewala | saksana dèn udhuni | ginêbug landheyan | mêksa pamogokira | sru ngandika radèn patih | jaran kaparat | tan kêna dèn bêciki ||
198.042 ulihêna Si Rondhon kêkambilana | nêmbah Rêksapadaglis | kuda wus binêkta | mantuk mring pamondhokan | pun Rondhon dèn kêkapani | bala pangarsa | tan wruh gustinirèki ||
198.043 lamun kèndêl angêntosi kang turăngga | kuwur tataning baris | wau kang turăngga | pun Rondhon sampun prapta | sigra rahadèn apatih | nitih turăngga | umangsah ing ajurit ||
1.167–1.168 dari 1.487