Tembang macapat

Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939–41, #1024

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939–41, #1024

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
199–200 dari 234
1.175–1.176 dari 1.487
11.749–11.758 dari 14.865
199.044 nulya sowan marang ing jro puri | sira Tumênggung Tirtawiguna | sampun ingandikan age | wus praptèng ngarsa prabu | raosing srat saking Samawis | katur ing sri narendra | ing saaturipun | Rahadèn Natakusuma | angandika alon kangjêng sri bupati | nuli kirima layang ||
199.045 iya maring si paman apatih | apa barang pikiring Walănda | dèn turuta sapatute | lan agawea iku | pirapêta kadya ing nguni | iya măngsa bodhoa | ing rèh kang anuju | si paman Natakusuma | agawea lawên mring si komasaris | pirapêting arênggang ||
199.046 nanging aja pati anglanggati | dên panggunga ngangkuh sawatara | aywa kasoran kulane | wis mêtua yèn uwus | layang dadi lakokna nuli [25: 39] | sigra Tumênggung Tirta- | wiguna wotsantun | mêdal saking ing jro pura | sapraptane ing jawi wus anênulis | dadya gya kinèn bêkta ||
199.047 mring carakanira radèn patih | mêsat saking nagri Kartasura | tan winursitèng margane | nagri Samarang rawuh | duta lajêng marêk ing gusti | katur kang ponang surat | tinupiksa gupuh | mirsa têmbunging nawala | pan anglênggêr rahadèn rêkyana patih | ing wanci bakda ngisa ||
199.048 animbali mring Ki Rajaniti | prapta cundhuk lan radèn apatya | alon ing pangandikane | iya kakang tumênggung | kadipundi lakon puniki | angrasa nora bisa | Rajaniti matur | sintên sagêd nglampahana | yèn makatên sawung atarung upami | cucuke dèn kalêthak ||
199.049 dhatêng bêbotohipun pribadi | Radèn Natakusuma ngandika | lamun makatên kanthane | kakang ing turun pitu | aywa ana ingkang nglakoni | kaya lêlakon ingwang | anak putuningsun | Ki Rajaniti turira | turun sanga roh kula ingkang anunggil | lawan êroh sampeyan ||
199.050 inggih sampun kongsi anglampahi | kadya lampah paduka punika | e Allohumabangide | dohna aywa kapranggul | ing lêlakon ingkang mênthalit | muga dèn parêkêna | lêlakon kang jujur | kang tuhu padhang narawang | datan eci lêlakon mangkene iki | bonggan ingkang kasmaran ||
200. Asmaradana
200.001 ya ta rahadèn apatih | adangu datan [25: 40: da...tan] ngandika | saksana ngandika alon | marang Ki Nayamênggala | Gobèsira ing kuna | duk anèng Batawi wawuh | iya kalawan Si Răngga ||
200.002 Ki Gobès matur wotsari | pan inggih wanuh kawula | rumiyin langkung pênêde | nanging ing mangke wikana | radèn patih ngandika | lah iya sira sun utus | atêmua lan Si Răngga ||
200.003 lamun sira dèn takoni | ywa sira ngaku dinuta | ngakua gawemu dhewe | Nayamênggala gya nêmbah | mêsat saking ngayunan | pan amomor lampahipun | praptèng ing jro pabitingan ||
1.175–1.176 dari 1.487