Tembang macapat

Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939–41, #1024

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939–41, #1024

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
199–200 dari 234
1.176–1.177 dari 1.487
11.755–11.764 dari 14.865
199.050 inggih sampun kongsi anglampahi | kadya lampah paduka punika | e Allohumabangide | dohna aywa kapranggul | ing lêlakon ingkang mênthalit | muga dèn parêkêna | lêlakon kang jujur | kang tuhu padhang narawang | datan eci lêlakon mangkene iki | bonggan ingkang kasmaran ||
200. Asmaradana
200.001 ya ta rahadèn apatih | adangu datan [25: 40: da...tan] ngandika | saksana ngandika alon | marang Ki Nayamênggala | Gobèsira ing kuna | duk anèng Batawi wawuh | iya kalawan Si Răngga ||
200.002 Ki Gobès matur wotsari | pan inggih wanuh kawula | rumiyin langkung pênêde | nanging ing mangke wikana | radèn patih ngandika | lah iya sira sun utus | atêmua lan Si Răngga ||
200.003 lamun sira dèn takoni | ywa sira ngaku dinuta | ngakua gawemu dhewe | Nayamênggala gya nêmbah | mêsat saking ngayunan | pan amomor lampahipun | praptèng ing jro pabitingan ||
200.004 pakuwonnya wus kapanggih | Mas Răngga Tiksnawijaya | kagyat wruh marang Ki Gobès | sira dhi Nayamênggala | mèh ta pangling manira | siradhi ana gawemu | sumaur Nayamênggala ||
200.005 damêl kawula pribadi | lami tan panggih lan kakang | Răngga Tiksnawijayalon | lingnya yèn sira dinuta | têka sira ngakua | padha pasaja lan ingsun | iya adhi ngarah apa ||
200.006 mèsêm Nayamênggalèki | inggih sayêktose kakang | lampah kawula kinongkon | dhatêng ing kangjêng bêndara | kinèn panggih lan kakang | Tiksnawijaya gumuyu | ujar ingsun silih apa ||
200.007 suwene iya sun lirik | sasolahmu wus katara | yèn dudu lakumu dhewe | lah adhi dikongkon apa | maring kangjêng bêndara | inggih lampah kula ngutus | animbali maring dika ||
200.008 Răngga Tiksnawijayangling | tanggung adhi lumakua [25: 41: lumaku...a] | iki mèh surup srêngenge | lan ingsun durung wèh warta | mring komasaris bêsar | iya adhi mêngko pukul | sanga sun atur uninga ||
200.009 maring Tilên Komasaris | wis adhi sira muliha | ing besuk balia manèh | wus amit Nayamênggala | lampahira wus prapta | katur ing sasolahipun | ing dalu tan winursita ||
1.176–1.177 dari 1.487