Tembang macapat

Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939–41, #1024

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939–41, #1024

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
199 dari 234
1.172–1.173 dari 1.487
11.716–11.725 dari 14.865
199.011 mila Kumpêni nèng tanah Jawi | inggih saking para raja-raja | kang sawarga pasihane | pinaring panganipun | kang rumêksa ing siyang ratri | panganggêpe suwita | tan amalih dulu | sèwu sumpah tan anêdya | sèdhèng ing tyas ngregoni karaton Jawi | mung inggih mrih raharja ||
199.012 sapamirsanira sri bupati | kèndêl dangu datan angandika | sira Tirtawigunane | pan sampun kinèn mêtu | enjing kinèn saosa malih | lan gandhèk kinèn bêkta | marang wismanipun | kunêng ingkang kawuwusa | Radèn Natakusuma duk animbali | marang Singsèh Sapanjang ||
199.013 prapta cundhuk lan radèn apatih [25: 32] | ya ta alon dènira ngandika | Radèn Natakusumane | dene lawan sirèku | nora seba-seba mring mami | ywa susah atinira | pan wus jamakipun | wong apêrang kalah mênang | karsaning Hyang ywa cilik atinirèki | matur Singsèh Sapanjang ||
199.014 kadi punapa radèn apatih | yèn botêna alit ingkang manah | ujêr wong Jawa tatane | tan rêmpêg dadya batur | along dadya mêngsah ing batin | yèn sampun makatêna | dèn atêmah lêbur | wong Cina măngsa gingsira | saking biting ngandika radèn apatih | lah iya iku sapa ||
199.015 Singsèh Sapanjang umatur aris | kula botên purun umatura | măngsa kilapa rahadèn | wong Cina kathah kang wruh | akintun wos dhatêng ing loji | aprang marahi dhadhal | wèh babah ing mungsuh | Rahadèn Natakusuma | graitèng tyas pangandikanira aris | ya uwis sun kaduga ||
199.016 iya besuk sun ngaturi tulis | marang ing kangjêng sri naranata | kayaparan ing karsane | Singsèh Sapanjang nuhun | amit mantuk wus dèn paringi | kêton ngatiga bêlah | suka ing tyasipun | Rahadèn Natakusuma | sigra dènnya ngutusan ngaturi tulis | mring nagri Kartasura ||
199.017 tan winarna ing marga wus prapti | Kartasura surat wus tinampan | marang Tirtawigunane | tinupiksa kang têmbung | kaatura ing sri bupati | ngaturkên pêjah gêsang | lawan sêmbahipun | punapa kang lêlampahan | kinarsakkên [25: 33: kinarsakkê...n] inggih ing cêndhakirèki | punapa pinanjangna ||
199.018 kagyat Tirtawiguna mirsèki | lajêng dènnya sowan mring jro pura | wus prapta ing pasebane | gya nyanthèlakên atur | nuhun sowan wus dèn timbali | prapta ing ngarsa nata | suratira katur | punika saking pun paman | tinupiksa kapirsa têmbunging tulis | dangu tan angandika ||
199.019 ya ta nulya angandika aris | kayapriye êtir pikirira | Tirtawiguna ature | măngsa borong pukulun | sri narendra ngandika malih | iya têka matura | satêmêne iku | aywa sira taha-taha | sigra nêmbah Tirtawiguna turnyaris | yèn ing mênggah kawula ||
199.020 abdi dalêm pun paman apatih | unjukipun makatên punika | sampun mênggah ing liyane | yèn kênia pukulun | inggih pinitajêngan kardi | pun paman adipatya | makatên turipun | sri narendra angandika | iya nuli mêtua warahên aglis | dutane paman patya ||
1.172–1.173 dari 1.487