Tembang macapat

Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939–41, #1024

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939–41, #1024

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
199 dari 234
1.173 dari 1.487
11.721–11.730 dari 14.865
199.016 iya besuk sun ngaturi tulis | marang ing kangjêng sri naranata | kayaparan ing karsane | Singsèh Sapanjang nuhun | amit mantuk wus dèn paringi | kêton ngatiga bêlah | suka ing tyasipun | Rahadèn Natakusuma | sigra dènnya ngutusan ngaturi tulis | mring nagri Kartasura ||
199.017 tan winarna ing marga wus prapti | Kartasura surat wus tinampan | marang Tirtawigunane | tinupiksa kang têmbung | kaatura ing sri bupati | ngaturkên pêjah gêsang | lawan sêmbahipun | punapa kang lêlampahan | kinarsakkên [25: 33: kinarsakkê...n] inggih ing cêndhakirèki | punapa pinanjangna ||
199.018 kagyat Tirtawiguna mirsèki | lajêng dènnya sowan mring jro pura | wus prapta ing pasebane | gya nyanthèlakên atur | nuhun sowan wus dèn timbali | prapta ing ngarsa nata | suratira katur | punika saking pun paman | tinupiksa kapirsa têmbunging tulis | dangu tan angandika ||
199.019 ya ta nulya angandika aris | kayapriye êtir pikirira | Tirtawiguna ature | măngsa borong pukulun | sri narendra ngandika malih | iya têka matura | satêmêne iku | aywa sira taha-taha | sigra nêmbah Tirtawiguna turnyaris | yèn ing mênggah kawula ||
199.020 abdi dalêm pun paman apatih | unjukipun makatên punika | sampun mênggah ing liyane | yèn kênia pukulun | inggih pinitajêngan kardi | pun paman adipatya | makatên turipun | sri narendra angandika | iya nuli mêtua warahên aglis | dutane paman patya ||
199.021 konên ngayomi wong cilik dhingin | besuk esuk sira asaosa | tur sêmbah agya wêdale | praptèng jawi kapangguh | lan dutane radèn apatih | pan sampun dhinawuhan | timbalan sang prabu | sêrat datan winangsulan | duta mêsat ing marga datan winarni | praptèng nagri Samarang ||
199.022 sampun cundhuk lan radèn apatih | duta nêmbah matur solahira | ing purwa myang wasanane | tan antuk angsul-angsul | langkung dènnya sungkawèng galih | Radèn Natakusuma | gantya kang winuwus | Tumênggung Tirtawiguna [25: 34: Tirtawi...guna] | lawan kangjêng ratu ibu wus akait | anyêndhak lêlampahan ||
199.023 apa saliring prakawisnèki | sira Tumênggung Tirtawiguna | yèn ajrih umatur dhewe | ngaturkên ratu ibu | dimen katur ing sri bupati | mangkana tinimbalan | Tirtawiguna wus | praptèng ngarsaning narendra | angandika wau jêng sri narapati | Tir paran budinira ||
199.024 iya êtir ing lêlakon iki | saenggane kaya wastra bêdhah | panjang pêcah upamane | apa pulih dèn ancur | apa ora pikirên aglis | nêmbah Tumênggung Tirta- | wiguna umatur | yèn mênggah abdi narendra | sêsagêde gusti botên sagêd pulih | yèn mêngsah padukendra ||
199.025 sagêd anglêbur sagêd akardi | sri narendra mèsêm angandika | iku ya apa bedane | Tirtawiguna matur | langkung sanès punika gusti | sang nata angandika | gawea sul-angsul | layange kang dhihin ika | kan ginawa marang bocah gandhèk nguni | iku lah angsulana ||
1.173 dari 1.487