Tembang macapat

Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939–41, #1024

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939–41, #1024

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
199 dari 234
1.171–1.172 dari 1.487
11.706–11.715 dari 14.865
199. Dhandhanggula
199.001 inggih alêrês pangandikaji | abdi dalêm pun Natakusuma | yèn makatêna tandange | pan agal wawratipun | anglingsêmi ing sri bupati | prasasat sri narendra | lingkab samiripun | pasthi ngèsêman de mêngsah | angandika wau jêng sri narapati | iya Tir wis mêtua ||
199.002 lah warahên dutane si patih | aywa yuda yèn durung samakta | angayomana wadyane | ywa Tirtawiguna wus | mêdal saking ing dalêm puri | sapraptanirèng jaba | lan duta wus cundhuk | dhinawuhakên timbalan | nanging layang boya kalilan ngangsuli | manirajrih matura ||
199.003 duta pamit mêsat saking ngarsi | tan winarna ing marga wus prapta | nagri Samarang enjinge | caraka gya tumanduk | ngabyantaranira apatih | katur saaturira | miyarsa angungun | kèndêl datan angandika | duta matur angaturakên pawarti [25: 30: pa...warti] | susah ing Kartasura ||
199.004 angandika rahadèn apatih | iya apa ingkang dadi susah | caraka atur sêmbahe | sampeyan kang misuwur | tumpês anèng madyaning jurit | marmi duk surat prapta | andikaning prabu | kinèn ngundhangkên sadaya | nadyan têntrêm manahe kawula alit | mèsêm rahadèn patya ||
155. Ingkang Sinuhun Pakubuwana bêdhami malih kalihan Kumpêni
199.005 duk samana kèndêl ponang jurit | tan wontên kang anglarag-linarag | eca yun-ayunan bae | ya ta ingkang winuwus | Komasaris Tilêm anênggih | lan komasaris tuwa | katiga kumêndur | lagya sami abicara | sawusira bicara gandhèk pinanggil | pan wus binêktan surat ||
199.006 kinèn mantuk mring Kartasuraglis | surat katura ing sri narendra | mêtua pabitingane | Ki Wirasastra iku | amundhut wong Makasar siji | marang Dhaèng Mabelah | ngêsrahakên wau | gandhèk marang Wirasastra | lampah dalu wong têtiga sampun prapti | pondhok Kawirasastran ||
199.007 Wirasastra gêgêtun tan sipi | gya linajêngkên mring Kartasura | kinanthenan utusane | ing marga tan winuwus | prapta nagri Kartasurènjing | lawan Tumênggung Tirta- | wiguna wus pangguh | ingkang sêrat wus tinampan | tiningalan lamate katur narpati | kagyat Tirtawiguna ||
199.008 sigra dènnya sowan mring jro puri | sira Tumênggung Tirtawiguna | ing atur wus nyanthèlake [25: 31: nyanthèla...ke] | ngandikan praptèng ngayun | surat katur ing sri bupati | sigra dènnya nupiksa | bêbukaning têmbung | katura tabe kawula | pun kumêndur kalawan pun komasaris | wiyose tur uninga ||
199.009 abdi dalêm wong gandhèk kêkalih | kang kacêkêl dhatêng pun Madura | katura sang nata mangke | lawan ta malihipun | sakathahe kang munggèng tulis | saatur-atur kula | pan timbalanipun | pan inggih eyang paduka | tuwan jendral kawula dèn pitadosi | rumêksèng padukendra ||
199.010 sakalangkung sungkawa ing galih | tuwan jendral myang rad pan Indiya | sadaya mepuh manahe | yèn èstua sang prabu | nêdya ngrisak bala Kumpêni | tan ajrih ing ayuda | mung pangowêlipun | yèn panjaga kalampahan | datan wande risake ing tanah Jawi | sintên ingkang kecalan ||
1.171–1.172 dari 1.487