Tembang macapat

Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939–41, #1024

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939–41, #1024

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
199 dari 234
1.174–1.175 dari 1.487
11.736–11.745 dari 14.865
199.031 lawan anuhun pangwasa mami | anirnakêna sakwèh wong Cina | kang abăngga ing dhèwèke | jaluk pangwasaningsun | ginêcaka marang wong Jawi | nêmbah Tumênggung Tirta- | wiguna umatur | yèn suwawi lawan karsa | komasaris kinèn arêmbag amikir | lan pun Natakusuma ||
199.032 anggêcaka ing wong Cina gusti | yèn sampun rêmbag lawan pun paman | pan agampil masalahe | ngandika sang aprabu [25: 36] | ya mêtua nulisa aglis | yèn wus dadi banjurna | kagawaa iku | bocahe Si Wirasastra | bocah gandhèk aywa milu bali maning | tur sêmbah nulya mêdal ||
199.033 Ki Tumênggung Tirtawigunaglis | sawusira dadya ponang surat | pinaringakên dutane | Kyai Wirasastra wus | mêsat duta saking nagari | ing marga tan ingucap | kang caraka sampun | praptèng nagari Samarang | panggih lawan Tumênggung Wirasastraglis | duta kinèn lajua ||
199.034 tumamèng loji duta wus amit | pan ing dalu wanci pukul sanga | prapta wus panggih lan Dhaèng | Mabelah surat katur | mring kumêndur lan komasaris | amanggil juru basa | winaos kang têmbung | dènnya nuhun mring sang nata | kinèn rêmbag lan radèn rêkyana patih | langkung tustha miyarsa ||
199.035 wusnya dadya bicara amanggil | mring Kumpêni pun Dhanci namanya | arsa dinuta lampahe | ambêkta suratipun | katur marang radèn apatih | pun Dhanci sigra mêdal | praptèng jawi sampun | sarwi nyangking jarit pêthak | usap tangan wus praptèng jawining biting | kagyat wong jawi miyat ||
199.036 ngawe-awe ing jêjarit putih | kang sawênèh mastani bandera | nulya cinêlakan age | pun Dhanci nguwuh-uwuh | atêrêna manira iki | seba ing radèn patya | manira ingutus | angaturakên kang surat | komasaris katura ing radèn patih | wong Jawa saurira ||
199.037 iya êndi layangira dhingin | sun aturne pun Dhanci angucap | yèn [25: 37: yè...n] kojaluk ngong tan awèh | atêrna bae ingsun | gya kinêpung wau pun Dhanci | ingiring lampahira | prapta pondhokipun | Ki Ngabèi Surajaya | surat katur pun Dhanci binêkta aglis | sowan wus praptèng ngarsa ||
199.038 sêrat katur ing radèn apatih | tinupiksa têmbunging kang surat | kula ngaturakên tabe | lawan ta malihipun | pan kawula utusan nênggih | dhatêng sri naranata | anuhun pitulung | aprakawis kang wong Cina | dèn rusaka kang samya băngga Kumpêni | timbalane sang nata ||
199.039 yèn nyataa timbalan narpati | dene nora dhawuh marang ingwang | iya apa ta sawabe | Ki Surajaya matur | bilih-bilih gusti manawi | sagêde pun Walănda | anandi ing atur | Rahadèn Natakusuma | angandika marang Sutamênggalèki | sira dhewe miyanga ||
199.040 mring Kartasura aturna aglis | layang iki marang sri narendra | lan ngatasa kapindhone | yèn atur sêrat ingsun | têka nora dèn patêdhani | angsul-angsul kang surat | apa sawabipun | kang tinuding atur sêmbah | mêsat saking ngarsane radèn apatih | pun Dhanci kawarnaa ||
1.174–1.175 dari 1.487