Tembang macapat

Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939–41, #1024

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939–41, #1024

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
199 dari 234
1.175–1.176 dari 1.487
11.744–11.753 dari 14.865
199.039 yèn nyataa timbalan narpati | dene nora dhawuh marang ingwang | iya apa ta sawabe | Ki Surajaya matur | bilih-bilih gusti manawi | sagêde pun Walănda | anandi ing atur | Rahadèn Natakusuma | angandika marang Sutamênggalèki | sira dhewe miyanga ||
199.040 mring Kartasura aturna aglis | layang iki marang sri narendra | lan ngatasa kapindhone | yèn atur sêrat ingsun | têka nora dèn patêdhani | angsul-angsul kang surat | apa sawabipun | kang tinuding atur sêmbah | mêsat saking ngarsane radèn apatih | pun Dhanci kawarnaa ||
199.041 pinaringan sul-angsul wus pamit | lampahira jro loji wus prapta | kang sêrat ingaturake | mring komasaris sêpuh | ngaran Prisêl Tilên anênggih | binuka tinupiksa | sêrat ingkang têmbung | komisaris pakênira | kirim layang wus manira tupiksani | nging sabar pakênira [25: 38] ||
156. Patih Natakusuma rumaos kèwêdan anggènipun angladosi karsanipun Ingkang Sinuhun
199.042 apan tan lami manira pikir | dene besuk manira kongkonan | yèn dadi pikir ing têmbe | kunêng ta kang winuwus | dutanira rêkyana patih | wus praptèng Kartasura | panggih lan Tumênggung | Tirtawiguna tinampan | sêrat saking rahadèn rêkyana patih | binuka wus kadriya ||
199.043 Ki Tumênggung Tirtawigunangling | mèsêm maring Ki Sutamênggala | puniki adhi lamine | kang kula ayun-ayun | mila kula angarsi-arsi | wus ping kalih utusan | anuhun pitulung | Kumpêni maring sang nata | nanging dèrèng pinatêdhanan ubanggi | sêrat tan winangsulan ||
199.044 nulya sowan marang ing jro puri | sira Tumênggung Tirtawiguna | sampun ingandikan age | wus praptèng ngarsa prabu | raosing srat saking Samawis | katur ing sri narendra | ing saaturipun | Rahadèn Natakusuma | angandika alon kangjêng sri bupati | nuli kirima layang ||
199.045 iya maring si paman apatih | apa barang pikiring Walănda | dèn turuta sapatute | lan agawea iku | pirapêta kadya ing nguni | iya măngsa bodhoa | ing rèh kang anuju | si paman Natakusuma | agawea lawên mring si komasaris | pirapêting arênggang ||
199.046 nanging aja pati anglanggati | dên panggunga ngangkuh sawatara | aywa kasoran kulane | wis mêtua yèn uwus | layang dadi lakokna nuli [25: 39] | sigra Tumênggung Tirta- | wiguna wotsantun | mêdal saking ing jro pura | sapraptane ing jawi wus anênulis | dadya gya kinèn bêkta ||
199.047 mring carakanira radèn patih | mêsat saking nagri Kartasura | tan winursitèng margane | nagri Samarang rawuh | duta lajêng marêk ing gusti | katur kang ponang surat | tinupiksa gupuh | mirsa têmbunging nawala | pan anglênggêr rahadèn rêkyana patih | ing wanci bakda ngisa ||
199.048 animbali mring Ki Rajaniti | prapta cundhuk lan radèn apatya | alon ing pangandikane | iya kakang tumênggung | kadipundi lakon puniki | angrasa nora bisa | Rajaniti matur | sintên sagêd nglampahana | yèn makatên sawung atarung upami | cucuke dèn kalêthak ||
1.175–1.176 dari 1.487