Tembang macapat

Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939–41, #1024

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939–41, #1024

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
200 dari 234
1.182–1.183 dari 1.487
11.817–11.826 dari 14.865
200.062 kawarnaa komasaris | amanggil marang Mas Răngga | sampun winêling lampahe | seba marang pasanggrahan | ing marga tan winarna | praptèng Paterongan cundhuk | lan Radèn Natakusuma ||
200.063 Mas Răngga matur wotsari | angaturkên tabenira | kumêndur komasarise | lan malihipun kawula | dinutatur uninga | inggih lamun sang aprabu | sampun dhawuhkên timbalan ||
200.064 dhatêng tuwan komasaris | kalilan anggêmpur Cina | radèn patih ngandikalon | iya ingsun [25: 49: ing...sun] kadhawuhan | timbalane sang nata | anurut sarêmbugipun | prakara ngrusak wong Cina ||
200.065 iku Răngga karêp mami | sun wiwiti besuk Ngahad | yèn ora Ngahad Sênène | ingsun angrusak wong Cina | iya sira matura | yèn mangkono karsaningsun | Mas Răngga wus pinaringan ||
200.066 dhuwung rasukan bêbênting | lawan turăngga satunggal | Mas Răngga atur sêmbahe | inggih turăngga punika | yèn suwawi ing karsa | kawula lih wastanipun | pun Bêdhami yèn sêmbada ||
200.067 gèn sampeyan amaringi | inggih lan sudara tuwan | sampeyan nuju bêdhamèn | gumujêng radèn apatya | iya sakarsanira | aran wong dêduwe iku | Mas Răngga amit tur sêmbah ||
200.068 sapraptanira ing loji | Mas Răngga alon turira | mring nayaka katigane | lamun ingkang pangandika | Radèn Natakusuma | inggih benjing ari Minggu | wong Cina arsa ginêcak ||
200.069 yèn botên ing Minggu benjing | ing Isnèn pan linêksanan | komasaris sukèng tyase | mangkana kang winursita | Radèn Natakusuma | putêk ing tyas siyang dalu | ngraos wlas maring wong Cina ||
157. Anteping tekadipun Radèn Martapura
200.070 Rahadèn Martapurèki | ing dalu pan tinimbalan | tanpa rowang ing praptane | radèn patih angandika | hèh radèn kayaparan | liwat pêtênge tyas ingsun | dene karsaning [25: 50] narendra ||
200.071 lawan punggawa kang kari | tan ana amrih raharja | amurungakên lêlakon | Radèn Martapura nêmbah | punika yèn èstua | ing karsanipun sang prabu | bêdhami lan pun Walănda ||
1.182–1.183 dari 1.487