Tembang macapat

Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939–41, #1024

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939–41, #1024

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
200 dari 234
1.183–1.184 dari 1.487
11.822–11.831 dari 14.865
200.067 gèn sampeyan amaringi | inggih lan sudara tuwan | sampeyan nuju bêdhamèn | gumujêng radèn apatya | iya sakarsanira | aran wong dêduwe iku | Mas Răngga amit tur sêmbah ||
200.068 sapraptanira ing loji | Mas Răngga alon turira | mring nayaka katigane | lamun ingkang pangandika | Radèn Natakusuma | inggih benjing ari Minggu | wong Cina arsa ginêcak ||
200.069 yèn botên ing Minggu benjing | ing Isnèn pan linêksanan | komasaris sukèng tyase | mangkana kang winursita | Radèn Natakusuma | putêk ing tyas siyang dalu | ngraos wlas maring wong Cina ||
157. Anteping tekadipun Radèn Martapura
200.070 Rahadèn Martapurèki | ing dalu pan tinimbalan | tanpa rowang ing praptane | radèn patih angandika | hèh radèn kayaparan | liwat pêtênge tyas ingsun | dene karsaning [25: 50] narendra ||
200.071 lawan punggawa kang kari | tan ana amrih raharja | amurungakên lêlakon | Radèn Martapura nêmbah | punika yèn èstua | ing karsanipun sang prabu | bêdhami lan pun Walănda ||
200.072 kula tan sagêd nglampahi | lêhêng pêjaha ing wana | yèn gêsanga parandene | măngsa wandea dèn lunas | dinamêl pambucalan | tinêtêpakên yèn êtuk | ing awon pasthi kawula ||
200.073 ingkang sampeyan pasrahi | rumiyin apan kawula | tinuduh sirahing gawe | angumpulakên wong Cina | janji saeka pêjah | wong Cina kang anênutut | pan inggih badan kawula ||
200.074 sampeyan santanèng aji | măngsa nuntên kalakona | dados pambucalan awon | pasthi yèn badan kawula | uthik-uthik gêgêbal | kang pinanjêr ngalun-alun | gumujêng radèn apatya ||
200.075 nadyan silih awak mami | ya radèn măngsa bêdaa | kaya ujarmu mangkono | mungguh panjênêngan nata | nora tolih santana | lah iya ing besuk dalu | sira radèn lumakua ||
200.076 atêtêmua pribadi | sira lawan Si Sapanjang | miwah Si Kapitan Singsèh | yèn sang nata wus ambuwang | marang ing wadya Cina | amung iya raganingsun | kang maksih bangêt angeman ||
1.183–1.184 dari 1.487