Tembang macapat

Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939–41, #1024

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939–41, #1024

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
200 dari 234
1.184–1.185 dari 1.487
11.837–11.846 dari 14.865
200.082 dèn gêgêcaka ing benjing | winora lan mimis obat | binêdhilana ing mungsoh | Kumpêni turun nêmbêlas | anak putu kawula | sampun wontên ingkang wawuh | inggih kalawan Walănda ||
200.083 Martapura awotsari | lèngsèr saking ngarsanira | ya ta ing pêndhak dalune | mring pondhokipun wong Cina | wus panggih lan Sapanjang | miwah Singsèh wus acundhuk | lawan Radèn Martapura ||
200.084 Martapura angling aris | bapak manira dinuta | angiras lakuku dhewe | kalamun sri naranata | wus buwang mring wong Cina | bala Kumpêni [25: 52] kinukup | nanging rahadèn apatya ||
200.085 maksih angeman ing batin | nanging wêdi kawêntara | dadya dèn pasrahkên mring ngong | yèn sira besuk ginusah | lumayua mangetan | Singsèh Sapanjang wêtu luh | iya radèn sun tarima ||
200.086 nanging sira aywa lali | nuli nusula maringwang | aturêna tabeningong | mring Radèn Natakusuma | wus amit Martapura | radèn patih kang winuwus | nimbali sagung punggawa ||
200.087 Ki Tumênggung Rajaniti | Radèn Malayakusuma | Radèn Wiryadiningrate | lan Tumênggung Mangkuyuda | Tumênggung Wiraguna | tuwin Radèn Singaranu | lawan Radèn Mangkupraja ||
200.088 Mangunnagara lan malih | Rahadèn Sujanapura | punggawa pasisir kabèh | sampun mungèng ngarsanira | radèn rêkyana patya | pangandikanira arum | puniki pikir manira ||
200.089 timbalane sri bupati | kinèn nuli anggêcaka | wong Cina yèn karsaningong | sun wiwiti benjang-enjang | sadaya kalakona | timbalane sang aprabu | benjang dèn padha samêkta ||
200.090 kang samya dika barisi | kulon kidul lawan wetan | êlor dika towongake | yèn Kumpêni atêtanya | ngakua ajrih padha | ngungkurakên mriyêmipun | sukur si lamun wong Cina ||
200.091 iya padha duwe pikir | enak angadu kewala | wus padha bubara kabèh | enjang dèn padha samêkta | nêmbah sagung punggawa | bubar saking ngarsanipun | dalu datan winursita ||
1.184–1.185 dari 1.487