Tembang macapat

Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939–41, #1024

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939–41, #1024

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
200–201 dari 234
1.185–1.186 dari 1.487
11.850–11.859 dari 14.865
200.095 dèn kêkodhol mring wong Jawi | anglurug mring bumi Dêmak | sira pun Kapitan Singsèh | angidul dènira babal | lawan sabalanira | pun Êtik lawan Ping Bulung | lawan Singsèh datan pisah ||
200.096 wong Cina kang samya agring | kantun anèng pamondhokan | sadaya samya pinatèn | murdane wus kinêthokan | winadhahan karanjang | katur ing dyan patih sampun | murda kinèn anglajêngna ||
200.097 ngêsrahkên ing komasaris | sigra lampahe kang duta | prapta nèng loji ngarsane | pinêthuk upas Walănda | duta lajêng mring ngarsa | lawan komasaris cundhuk | langkung sukane tumingal ||
200.098 matura tarima kasih | ing Radèn Natakusuma | duta pan wus pamit lèngsèr | Kumpêni suka sadaya | Singsèh ingkang winarna | kèndêl wontên ing Pringapus | nênggih tanah ing Bahrawa [25: 54: Bahra...wa] ||
200.099 tan pisah sawadyanèki | kang tinuding ambujunga | Radèn Sujanapurane | lan radèn patih utusan | pêparing maring Cina | nênggih yatra gangsal atus | lan sênapan kalih dasa ||
200.100 myang Sapanjang dèn kintuni | gangsal atus ingkang yatra | lawan sênapan salawe | Sapanjang dènnya lumaywa | kèndêl ing bumi Dêmak | ing Wotan wastane dhusun | wus umadêg barisira ||
200.101 Kapitan Singsèh winarni | miyarsa yèn tinututan | Radèn Sujanapurane | gepok angetan lampahnya | anjog ing bumi Dêmak | lan Sapanjang wus akumpul | samya baris anèng Wotan ||
200.102 rahadèn rêkyana patih | nênggih wau kang winarna | nimbali Martapurage | wus prapta ing ngarsanira | radèn patih ngandika | dandana sira sun utus | marang nagri guladrawa ||
201. Dhandhanggula
201.001 aturêna radèn layang iki | iya marang kangjêng sri narendra | yèn sira ngandikan dhewe | matura ing sang prabu | yèn wong Cina mangkya wus barsih | saking tanah Samarang | angetan lumayu | samyanjog ing bumi Dêmak | atur sêmbah Rahadèn Martapuraglis | lèngsèr saking ngayunan ||
201.002 lajêng lampahira sawadyèki | tan winarna ing awan wus prapta | ing Kartasura enjinge | tumanduk ing Tumênggung | Tirtawiguna wus apanggih | lajêng kabêkta seba | marang jro kadhatun | ing srimanganti gya prapta | angaturi uninga wus dèn timbali | lawan Tirtawiguna [25: 55] ||
1.185–1.186 dari 1.487