Tembang macapat

Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939–41, #1024

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939–41, #1024

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
200 dari 234
1.179–1.180 dari 1.487
11.782–11.791 dari 14.865
200.027 yèn undur-unduran biting | iya samangsanane ya | nuli sun parentahane | dene anumpês wong Cina | sun durung kadhawuhan | timbalane sang aprabu | Mas Răngga amit tur sêmbah ||
200.028 sapraptanira ing loji | panggih nayaka katiga | wus tinutur sasolahe | wau ingkang pangandika | Radèn Natakusuma | aprakawis unduripun | pamondhokan sinanggupan ||
200.029 samăngsa dèn parentahi | amung anumpês wong Cina [25: 44] | radèn patih samadose | inggih dèrèng kadhawuhan | timbalan saking nata | komasaris kalih muwus | lah iya iku agampang ||
200.030 ing benjing sun atur tulis | marang kangjêng sri narendra | warnanên wau rahadèn | patih sampun pêparentah | marang sagung punggawa | mundurkên pakuwonipun | nyamèni kang pasanggrahan ||
200.031 rahadèn rêkyana patih | sawingkinging Paterongan | ya ta pun Kapitan Singsèh | lawan Kapitan Sapanjang | kalih miyarsa warta | lamun radèn patih sampun | mangke utus-ingutusan ||
200.032 lawan sira komasaris | pan arsa angyêktènana | seba lawan sabalane | pun Singsèh lawan Sapanjang | praptèng pakuwonira | radèn patih wus apangguh | lawan pun Singsèh Sapanjang ||
200.033 singsèh aturira aris | miwah Kapitan Sapanjang | kawula punika radèn | ing pêjah gêsang kawula | wontên asta paduka | Dyan Natakusuma muwus | pagene sira angucap ||
200.034 iya kaya mangkonèki | katon apa ngrungu apa | Sapanjang alon ature | inggih botên katingalan | nanging atur kawula | wong Cina sadayanipun | pêjahe wontên sampeyan ||
200.035 wong Cina datan udani | inggih dhatêng sri narendra | amung sampeyan ujude | lêbura dèn kadi kisma | datan amalih tingal | anjanmaa kaping sèwu | topekongnya mung sampeyan ||
200.036 rahadèn rêkyana [25: 45: rêkya...na] patih | ingkang wagugên ing driya | miyarsa wong Cinature | alon dènira ngandika | têka dèn apitaya | iya apa kang winuwus | lah uwis padha muliha ||
1.179–1.180 dari 1.487