Tembang macapat

Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939–41, #1024

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939–41, #1024

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
200 dari 234
1.179–1.180 dari 1.487
11.787–11.796 dari 14.865
200.032 lawan sira komasaris | pan arsa angyêktènana | seba lawan sabalane | pun Singsèh lawan Sapanjang | praptèng pakuwonira | radèn patih wus apangguh | lawan pun Singsèh Sapanjang ||
200.033 singsèh aturira aris | miwah Kapitan Sapanjang | kawula punika radèn | ing pêjah gêsang kawula | wontên asta paduka | Dyan Natakusuma muwus | pagene sira angucap ||
200.034 iya kaya mangkonèki | katon apa ngrungu apa | Sapanjang alon ature | inggih botên katingalan | nanging atur kawula | wong Cina sadayanipun | pêjahe wontên sampeyan ||
200.035 wong Cina datan udani | inggih dhatêng sri narendra | amung sampeyan ujude | lêbura dèn kadi kisma | datan amalih tingal | anjanmaa kaping sèwu | topekongnya mung sampeyan ||
200.036 rahadèn rêkyana [25: 45: rêkya...na] patih | ingkang wagugên ing driya | miyarsa wong Cinature | alon dènira ngandika | têka dèn apitaya | iya apa kang winuwus | lah uwis padha muliha ||
200.037 kalih sampun dèn paringi | yatra nigang atus sewang | angawan bêkêt obate | sawusira têtabean | lèngsèr saking ngayunan | mantuk mring pakuwonipun | ya ta ingkang kawuwusa ||
200.038 kumêndur lan komasaris | samana wus amiyarsa | wong Jawa pabitingane | prasamya mundur sadaya | suka dènnya miyarsa | sigra pêparentah bantu | mring Têgal lawan Japara ||
200.039 numpak kang bala Kumpêni | gumuruh anèng lautan | praptèng Japara lampahe | lajêng umangsah ing yuda | gitik bitinganira | wong Jawa rame acampuh | ing yuda pan long-linongan ||
200.040 bala Kumpêni ngêbyuki | angêdrèl saha gurnada | dhadhal wong Jawa barise | Tumênggung Wiranagara | lawan Rêksanagara | pêrang dènira umagut | rame campuh ing ayuda ||
200.041 Rahadèn Suralayèki | Barêbês lan Radèn Cakra- | nagara Pamalang age | samya têtulung ing yuda | têtindhih saking Karta- | sura Arya Mandurèku | umangsah ngawaki yuda ||
1.179–1.180 dari 1.487