Tembang macapat

Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939–41, #1024

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939–41, #1024

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
201 dari 234
1.191–1.192 dari 1.487
11.905–11.914 dari 14.865
201.048 kapitèng tyas Ki Martapurèki | surat winaos ing ngarsanira | Sapanjang kalawan Singsèh | sukèng tyas miyarsèku | ngrasa lamun prapta ing batin | pangukupe Rahadyan | Natakusumèku | Kapitan Sapanjang ngucap | yèn mangkono radèn payo marang Pathi | aran ingkang timbalan ||
201.049 iya rahadèn rêkyana patih | lawan Si Mangunonêng kang gawa | dandanan upacarane | wong ngadêgakên ratu | pan nagari Pathi abêcik | panggonan tata-tata | parabot prang pupuh | Singsèh samya suka ing tyas | sira Radèn Martapura anuruti | ngandika marang duta ||
201.050 duta [25: 65] Pathi muliha siraglis | iya matura maring si kakang | amapaga dipun age | iya samangsanipun | sri narèndra ingsun aturi | têdhak maring Santênan | duta amit mantuk | sigra-sigra lampahira | tan winarna ing marga wus praptèng Pathi | caraka matur nêmbah ||
201.051 inggih ingkang pitungkas sang ari | Martapura paduka mêthuka | dhatêng ing Dêmak dèn age | inggih samangsanipun | Prabu Kuning dipun aturi | myang sagung wadya Cina | suka ing tyasipun | Ki Mangunonêng sayaga | wus samakta gya budhal saking ing Pathi | umung kang balakuswa ||
201.052 tan winarna lampahirèng margi | sampun prapta ing nagari Dêmak | ing Wotan pasanggrahane | Radèn Martapurèku | manahira sandeyèng batin | baris pêndhêm prayitna | samana wus cundhuk | pan sampun ajawat asta | Mangunonêng lan Radèn Martapurèki | tata samya alênggah ||
201.053 Singsèh Sapanjang samya manggihi | nèng pondhoke Radèn Martapura | Ki Mangunonêng têmbunge | adhi nênggih rumuhun | kang timbalan radèn apatih | mila kula dinuta | ambakali ratu | ing kangjêng gusti punika | inggih saking ngraos cuwaning kang galih | gènnya karya lampahan ||
201.054 sapunika timbalane nguni | yèn Si Garêndi wus madêg nata | awèha wêruh dèn age | sun tutugêne besuk | iya ingsun arsa ngayoni | marang wong Kartasura | kang culikèng kalbu | miyarsa Singsèh Sapanjang | samya suka [25: 66: su...ka] myang Radèn Martapurèki | alon ing wuwusira ||
201.055 yèn makatên pun kakang ing mangkin | kula pasrah wong Jawa punika | măngsa boronga pangrèhe | dika silih jêjuluk | pan pun kakang minăngka wakil | dhatêng radèn apatya | pênêd-pênêdipun | andika nama dipatya | yèn sêmbada pun kakang Dipati Pathi | punika pan prayoga ||
201.056 dene kawula silih wêwangi | Radèn Tumênggung Sujanapura | suwawi umarêk age | ing gusti sang sinuhun | sigra sowan punggawa kalih | miwah Singsèh Sapanjang | prapta ngarsanipun | wau sang nata taruna | mangras pada Ki Mangunonêng manangis | akathah aturira ||
201.057 ngaturakên upacantên adi | salir ingkang busana karatwan | sang nata langkung sukane | dènnya miyarsa wau | lamun radèn rêkyana patih | kang ngutus bakalana | adêgirèng ratu | angrasa yèn wus kaasta | tanah Jawa mangkana wus dèn idini | Mangunonêng kang nama ||
1.191–1.192 dari 1.487