Tembang macapat

Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939–41, #1024

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939–41, #1024

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
201 dari 234
1.192–1.193 dari 1.487
11.914–11.923 dari 14.865
201.057 ngaturakên upacantên adi | salir ingkang busana karatwan | sang nata langkung sukane | dènnya miyarsa wau | lamun radèn rêkyana patih | kang ngutus bakalana | adêgirèng ratu | angrasa yèn wus kaasta | tanah Jawa mangkana wus dèn idini | Mangunonêng kang nama ||
201.058 ajêjuluk Adipati Pathi | miwah sira Radèn Martapura | sampun ingidèn namane | nênggih radèn tumênggung | pan Sujanapura namèki | wau ta kang winarna | sira Ki Tumênggung | Padmanagara ing Dêmak | lawan Radèn Suranata wus miyarsi | sadhiya saha bala ||
201.059 seba maring sang umadêg aji | lampahira wus prapta ing Wotan | cundhuk punggawa kalihe | lawan Radèn Tumênggung | Sujanapura kalawan malih |[1] Adipati Santênan | katur solahipun | duk kalane pinitungkas [25: 67: pini...tungkas] | nênggih marang rahadèn rêkyana patih | samya suka miyarsa ||
201.060 wusnya dadya rêmbag gya ngundhangi | budhal maring nagari Santênan | gumuruh wadyabalane | datan kawarnèng ênu | sampun prapta nagari Pathi | sang nata wus ngadhatyan | gwanira dinunung | pan ing dalêm kadêmangan | kang punggawa atata pakuwonnèki | ambèr kang balakuswa ||
201.061 duk samana Adipati Pathi | pirêmbagan lan sagung dipatya | yèn arsa winangun malèh | pangadêgirèng ratu | kastrènana tataning jawi | sira Singsèh Sapanjang | jumurung ing kayun | apa tatane wong Jawa | Sang Dipatya Pathi ngumpulakên aglis | mukmin para ngulama ||
201.062 sarta amêtis kêbo lan sapi | duk samana nuju dina Soma | ngundhangi wadyabalane | baris ing alun-alun | gêgaman lir prawata gêni | miyos sang prabu jaka | munggèng tarub agung | pinarak anèng dhêdhampar | alêlamak kang babud sinuji-suji | asri kang upacara ||
201.063 pawongan cèthi ngayap ing wuri | aglar ing ngarsa mantri punggawa | para ngulama kerine | myang Cina kananipun | sigra ngadêg Dipati Pathi | pan sarwi undhang-undhang | ing wadyabalagung | kabèh padha ngèstrènana | lamun ingsun umadêgakên narpati | Prabu Kuning Mangkurat ||
201.064 para ngulama asaur pêksi | nulya samya andonga karatwan | sawusnya gong bèri rame | salomprèt myang kêkênthung | tuwin kodhokngorèk munya tri | rame kang barondongan [25: 68] | surak tri gumuruh | ambêngan gili kang mêdal | wus tinata kang wadya samya abukti | sang nata wus luwaran ||
201.065 wus sumuyud nagri kanan keri | Kudus Rêmbang Lasêm lan Juwana | ing Tanjung Dêmak wus dene | Grobogan Cêngkalsèwu | pêparentah Dipati Pathi | angêlar kang jajahan | pra mantri tinuduh | lumampah nênêlukêna | mring nagara kang têbih lawan ing Pathi | wus akathah kang prapta ||
201.066 ênêngakna nagari ing Pathi | ya ta rahadèn rêkyana patya | mangkana winarna malèh | kala saunduripun | sing Samarang amangun jurit | ingandikan sang nata | ri sampuning rawuh | nagari ing Kartasura | duk samana anênggih wontên pawarti | wong Cina anèng Dêmak ||
1.192–1.193 dari 1.487

 


Lebih satu suku kata: Sujanapura lawan malih. (kembali)