Tembang macapat

Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939–41, #1024

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939–41, #1024

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
201 dari 234
1.192–1.193 dari 1.487
11.919–11.928 dari 14.865
201.062 sarta amêtis kêbo lan sapi | duk samana nuju dina Soma | ngundhangi wadyabalane | baris ing alun-alun | gêgaman lir prawata gêni | miyos sang prabu jaka | munggèng tarub agung | pinarak anèng dhêdhampar | alêlamak kang babud sinuji-suji | asri kang upacara ||
201.063 pawongan cèthi ngayap ing wuri | aglar ing ngarsa mantri punggawa | para ngulama kerine | myang Cina kananipun | sigra ngadêg Dipati Pathi | pan sarwi undhang-undhang | ing wadyabalagung | kabèh padha ngèstrènana | lamun ingsun umadêgakên narpati | Prabu Kuning Mangkurat ||
201.064 para ngulama asaur pêksi | nulya samya andonga karatwan | sawusnya gong bèri rame | salomprèt myang kêkênthung | tuwin kodhokngorèk munya tri | rame kang barondongan [25: 68] | surak tri gumuruh | ambêngan gili kang mêdal | wus tinata kang wadya samya abukti | sang nata wus luwaran ||
201.065 wus sumuyud nagri kanan keri | Kudus Rêmbang Lasêm lan Juwana | ing Tanjung Dêmak wus dene | Grobogan Cêngkalsèwu | pêparentah Dipati Pathi | angêlar kang jajahan | pra mantri tinuduh | lumampah nênêlukêna | mring nagara kang têbih lawan ing Pathi | wus akathah kang prapta ||
201.066 ênêngakna nagari ing Pathi | ya ta rahadèn rêkyana patya | mangkana winarna malèh | kala saunduripun | sing Samarang amangun jurit | ingandikan sang nata | ri sampuning rawuh | nagari ing Kartasura | duk samana anênggih wontên pawarti | wong Cina anèng Dêmak ||
201.067 sigra punggawa ingkang tinuding | nama Ngabèi Sutawijaya | sampun budhal sawadyane | dene ing lampahipun | anglurugi Cina kang taksih | wontên ing bumi Dêmak | nênggih lampahipun | apan mêdal ing Samarang | sapraptane kapanggih lawan Kumpêni | lajêng dhatêng ing Dêmak ||
201.068 ri sampuning mangkana anuli | Răngga Yudanagara Samarang | ingandikan ing sang rajèng | dhatêng Kartasurèku | sasêntana binêkta sami | sapraptaning nagara | Kartasura laju | ingandikan mring sang nata | praptèng ngarsa gya mangaras pada aji | saha santananira ||
201.069 dhinawuhan andika narpati | dinangu kasalamêtanira | matur wilujêng sakabèh | sampuning têlas muwus | Ki Mas Răngga dèn [25: 69: dè...n] patêdhani | warni dhuwung satunggal | saput rantinipun | lan warni kêkalih kapal | punika patêdhanira sang narpati | dhatêng Răngga Samarang ||
201.070 nuntên arsa dipun tarimani | ing putranira Pangeran Blitar | Ki Mas Răngga ing ature | asangêt lumuhipun | dahat nuwun duka narpati | yèn katarimanana | ya ta laminipun | wontên nagri Kartasura | Ki Mas Răngga amung tigang dalu nuli | mantuk dhatêng Samarang ||
201.071 ri Sampuning mangkana anênggih | nuntên Kumpêni ing Kartasura | kang karsa ingantukake | nênggih ingkang tinuduh | ngantukêna dhatêng Samawis | Tumênggung Wiraguna | lawan Singaranu | samana sampun lumampah | tan kawarna ing marga lampahnya prapti | nagari ing Samarang ||
1.192–1.193 dari 1.487