Tembang macapat

Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939–41, #1024

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939–41, #1024

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
201 dari 234
1.195 dari 1.487
11.941–11.950 dari 14.865
201.084 apadene kang milu [25: 72] sirèki | nêmbah umatur rêkyana patya | sang natalon timbalane | dênê punggawa iku | jaba paman aywana kari | dene kang tunggu mringwang | iya paman namung | wadana jêro kewala | myang santana kalawan Si Rajaniti | uwis nuli mêtua ||
201.085 tur sêmbah mêdal radèn apatih | sapraptaning dalêm kapatihan | nimbali punggawa kabèh | prapta sadaya sampun | Radèn Arya Pringgalayèki | pan sampun dhinawuhan | timbalan sang prabu | sawusnya dadya kang rêmbag | radèn patih mung mundhut punggawa kalih | kang mêdal ing Samarang ||
201.086 lan kaliwonipun Rajaniti | punggawa Radèn Wiryadiningrat | Sutawijaya kalihe | punika wus karuwun[1] | mangkat dhatêng Dêmak nagari | ambêrêg tiyang Cina | apan dèrèng mantuk | nêdya ngantos lampahira | kang lumurug rahadèn rêkyana patih | duk kala angkatira ||
201.087 antaranya kalawan dhatênging | tuwan kumêndhan ing Kartasura | lan radèn patih angkate | pan sawêg sangang dalu | nuntên radèn rêkyana patih | sadhiya saha bala | myang kang punggawagung | wus samakta ing ayuda | sawadyanya kang samya badhe umiring | lumurug ing dyan patya ||
201.088 budhal enjing saking ing nagari | wau Rahadèn Sujanapura | wus pinaringakên malèh | kalawan abdinipun | ingkang putra pangran dipati | kang samya pinilihan | pinaringkên sampun | ing Radèn Sujanapura | ingabêna ing radèn rêkyana patih | ri sampunira [25: 73: sam...punira] bubar ||
201.089 gêgamanira lir prawatagni | lampahira tan kawarnèng marga | prapta pasanggrahan Lampèr | datan kawarnèng dalu | enjing têdhak radèn apatih | mring loji sampun prapta | komasaris mêthuk | ing sajawi pintunira | wusnya tabe rahadèn patih kinanthi | mring jro wus tata lênggah ||
201.090 pinaringkên surate narpati | maring komasaris wus tinampan | tinupiksa bêbukane | kalamun lampahipun | sira radèn rêkyana patih | kinèn anggêcak Cina | ing saênggonipun | kinên anglud saparannya | komasaris sakalangkung trima kasih | kumêndur pan mangkana ||
201.091 tamat winaca srat dèn urmati | mariyêm muni lir rug prabata | ri sampuning mangkanage | radyan apatih mundur | saking loji makuwon aglis | anèng ing Paterongan | tan kawarnèng dalu | enjing budhal lampahira | pan angetan ing Dêmak sêdyèng lumaris | gantya kang winursita ||
201.092 ing Kartasura sri narapati | wus misuwur warta yèn wong Cina | sampun angrêbda barise | anglar jajahanipun | gunung Kêndhêng ingkang rinampid | tinêlukken sadaya | jajahan wong gunung | Kêndhêng kwèh têluk ing Cina | kang wong desakèh sêgah tumut abaris | mila Dyan Pringgalaya ||
201.093 kang tinêdah tumidak nglurugi | mring wong Cina kang salèring arga | Kêndhêng kang ngrêbda barise | dene ta kang tinuduh | milwa Arya Pringgalayèki [25: 74] | Radèn Mlayakusuma | Radèn Singaranu | Tumênggung Mangunnagara | lawan malih Tumênggung Wiragunèki | Tumênggung Mangkuyuda ||
1.195 dari 1.487

 


karuhun. (kembali)