Tembang macapat

Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939–41, #1024

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939–41, #1024

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
201–202 dari 234
1.195–1.196 dari 1.487
11.945–11.954 dari 14.865
201.088 budhal enjing saking ing nagari | wau Rahadèn Sujanapura | wus pinaringakên malèh | kalawan abdinipun | ingkang putra pangran dipati | kang samya pinilihan | pinaringkên sampun | ing Radèn Sujanapura | ingabêna ing radèn rêkyana patih | ri sampunira [25: 73: sam...punira] bubar ||
201.089 gêgamanira lir prawatagni | lampahira tan kawarnèng marga | prapta pasanggrahan Lampèr | datan kawarnèng dalu | enjing têdhak radèn apatih | mring loji sampun prapta | komasaris mêthuk | ing sajawi pintunira | wusnya tabe rahadèn patih kinanthi | mring jro wus tata lênggah ||
201.090 pinaringkên surate narpati | maring komasaris wus tinampan | tinupiksa bêbukane | kalamun lampahipun | sira radèn rêkyana patih | kinèn anggêcak Cina | ing saênggonipun | kinên anglud saparannya | komasaris sakalangkung trima kasih | kumêndur pan mangkana ||
201.091 tamat winaca srat dèn urmati | mariyêm muni lir rug prabata | ri sampuning mangkanage | radyan apatih mundur | saking loji makuwon aglis | anèng ing Paterongan | tan kawarnèng dalu | enjing budhal lampahira | pan angetan ing Dêmak sêdyèng lumaris | gantya kang winursita ||
201.092 ing Kartasura sri narapati | wus misuwur warta yèn wong Cina | sampun angrêbda barise | anglar jajahanipun | gunung Kêndhêng ingkang rinampid | tinêlukken sadaya | jajahan wong gunung | Kêndhêng kwèh têluk ing Cina | kang wong desakèh sêgah tumut abaris | mila Dyan Pringgalaya ||
201.093 kang tinêdah tumidak nglurugi | mring wong Cina kang salèring arga | Kêndhêng kang ngrêbda barise | dene ta kang tinuduh | milwa Arya Pringgalayèki [25: 74] | Radèn Mlayakusuma | Radèn Singaranu | Tumênggung Mangunnagara | lawan malih Tumênggung Wiragunèki | Tumênggung Mangkuyuda ||
201.094 Radèn Tumênggung Mangkuyudèki | sira Radèn Arya Pringgalaya | kang dadya senapatine | mangkana tan winuwus | wus samakta sagung dipati | budhal saking nagara | kang wadyakuswagung | Radèn Arya Pringgalaya | angriyini lan sagung kang pra dipati | ngalèr mêdal ing Kampak ||
201.095 anèng Kampak kèndêl tigang latri | wontên duta matêdhakkên yatra | kalih èwu kinèn ngangge | ganjaraning wadyagung | kang apênêd damêlirèki | miwah radèn apatya | kala lampahipun | apan kapatêdhan yatra | kawan èwu kinèn ganjarakên dasih | ingkang pênêd ing karya ||
201.096 sawingkingira radèn apatih | samana kangjêng sri naranata | nênggih anarimakake | kang tinrimakkên wau | Radèn Ayu Rêtnadiwati | dene kang katariman | Kumpêni ranipun | Komasaris Tilên ika | dyan apatih duk bubare sing Samawis | ika winarnèng durma ||
202. Durma
202.001 lampahira rahadèn rêkyana patya | dhusun Ngrangkudan prapti | lajêng masanggrahan | anganti praptanira | sagung punggawa pasisir | duk tinimbalan | kathah kang dèrèng prapti ||
1.195–1.196 dari 1.487