Tembang macapat

Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939–41, #1024

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939–41, #1024

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
201–202 dari 234
1.196 dari 1.487
11.951–11.960 dari 14.865
201.094 Radèn Tumênggung Mangkuyudèki | sira Radèn Arya Pringgalaya | kang dadya senapatine | mangkana tan winuwus | wus samakta sagung dipati | budhal saking nagara | kang wadyakuswagung | Radèn Arya Pringgalaya | angriyini lan sagung kang pra dipati | ngalèr mêdal ing Kampak ||
201.095 anèng Kampak kèndêl tigang latri | wontên duta matêdhakkên yatra | kalih èwu kinèn ngangge | ganjaraning wadyagung | kang apênêd damêlirèki | miwah radèn apatya | kala lampahipun | apan kapatêdhan yatra | kawan èwu kinèn ganjarakên dasih | ingkang pênêd ing karya ||
201.096 sawingkingira radèn apatih | samana kangjêng sri naranata | nênggih anarimakake | kang tinrimakkên wau | Radèn Ayu Rêtnadiwati | dene kang katariman | Kumpêni ranipun | Komasaris Tilên ika | dyan apatih duk bubare sing Samawis | ika winarnèng durma ||
202. Durma
202.001 lampahira rahadèn rêkyana patya | dhusun Ngrangkudan prapti | lajêng masanggrahan | anganti praptanira | sagung punggawa pasisir | duk tinimbalan | kathah kang dèrèng prapti ||
202.002 ingkang prapta pan inggih namung ing Kêndhal | lawan ing Lèpèntangi | lan Ki Wirasastra | nanging wongira têlas | wus balik mring mungsuh lami | samya kinarya | pangajênging kang baris ||
202.003 Răngga Kaliwungu lan Ngabèi [25: 75: Nga...bèi] Kêndhal | lawan Wirasastrèki | wadyèng Kartasura | Kyai Sutawijaya | kalawan mantri panumping | kaliwonira | lan sapanêkarnèki ||
202.004 tinindhihan marang wadya kapatihan | wong jayamênggalèki | pan lêlurahira | Radèn Martataruna | lan wong tanpagêmbung nênggih | anèng Layapan | dènira pacak baris ||
202.005 tan alami kang baris anèng Layapan | nulya umajêng malih | dene radèn patya | ngêbroki ing Layapan | kang cucuk nèng Talagaji | kang kawuwusa | sira Dipati Pathi ||
202.006 sira Singsèh Sapanjang asru angucap | kadyapa ki dipati | radèn patih prapta | wadya tanpa wilangan | kadyapa kanthaning jurit | wong gawe sêmang | durung wruh tata Jawi ||
202.007 Ki Dipati Pathi alon wuwusira | bapak tataning Jawi | aprang têtêmênan | apatèn-pinatenan | nora angeman wong cili | suk karêksaa | dènnya karya wêwadi ||
1.196 dari 1.487