Tembang macapat

Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939–41, #1024

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939–41, #1024

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
201 dari 234
1.187–1.188 dari 1.487
11.868–11.877 dari 14.865
201.011 inggih sandika datan gumingsir | nadyan lêbura kadya pratala | anglampahi ayahane | gya pinaringan sampun | yatra gangsal atus lan karbin | bainèt kawan dasa | lawan waosipun | kawan dasa wus tinampan | rampung ingkang pitungkas mangkat ing ratri | saking ing Paterongan ||
201.012 radèn patih animbali malih | abdiniraran Partawijaya | sapraptanirèng ngarsane | ya ta ngandika arum | ingsun duta sira ing [25: 57] benjing | wong Lasêm ayomana | ing sapungkur ingsun | mulih marang Kartasura | yèn Si Mangunonêng ngadêgakên baris | sira têka nêpunga ||
201.013 atur sêmbah Partawijayaglis | pinaringan arta myang busana | lèngsèr ing dalu lampahe | nimbali malih wau | sira radèn rêkyana patih | kêkalih kang punggawa | Padmanagarèku | ing Dêmak lan Suranata | sapraptane ing ngarsa dèn bêbisiki | besuk sapungkur ingwang ||
201.014 sira muliha mring Dêmak aglis | besuk yèn ana adêg-adêgan | nuli têpungana bae | tur sêmbah kalihipun | pan sandika aturirèki | ing dalu tan winarna | ya ta enjingipun | Rahadèn Natakusuma | animbali Răngga Tisnawijayèki[1] | saking loji wus prapta ||
201.015 angandika sira radèn patih | sira Răngga marmane sun undang | awèha wêruh dèn age | iya maring kumêndur | apadene mring komasaris | yèn ingsun tinimbalan | marang ing sang prabu | mulih marang Kartasura | bokmanawa ana karsaning Kumpêni | sira Rănggatur sêmbah ||
201.016 lèngsèr saking ngarsanira aglis | lampahira ing loji wus prapta | katur sasolah-solahe | nênggih maring kumêndur | tuwin dhatêng ing komasaris | nulya manggil saksana | ing Alpèrès Undrup | dinuta mring Paterongan | apanggiha lan radèn rêkyana patih | pan sampun pinitungkas ||
201.017 tan adangu lampahira prapti | pasanggrahan tumamèng [25: 58: tu...mamèng] byantara | cundhuk sigra atur tabe | sira Ondorop matur | marang radèn rêkyana patih | kula radèn dinuta | nênggih tabenipun | sudara tuwan katiga | tabenipun katura ing sri bupati | lan malih kang pitungkas ||
201.018 tuwan matura ing sri bupati | Kumpêni kang anèng Kartasura | komasaris panuwune | pan inggih sang aprabu | ngantukna mring Kumpêni malih | manthuk radèn apatya | iya ingong matur | Ondrop malih aturira | lan kawula matur ing radèn pribadi | katura ing sang nata ||
201.019 yèn akarsaa jinaga malih | mring Kumpêni kula pinundhuta | radèn apatih wuwuse | luwih bêgjanirèku | ingsun matur ing sri bupati | Ondrop matur tarima | kasih anulyasung | sanjata alus apanjang | angandika rahadèn rêkyana patih | iki kang awèh sapa ||
201.020 iya apa saking komasaris | kang akirim sênapan maringwang | iya apa sira dhewe | matur Alpèrès Ondrup | inggih saking kula pribadi | mèsêm rahadèn patya | trima kasih ingsun | sampuning têlas bicara | anulyamit Ondrop lampahira prapti | ing loji wus apanggya ||
1.187–1.188 dari 1.487

 


Tiksnawijayèki. (kembali)