Tembang macapat

Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939–41, #1024

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939–41, #1024

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
201 dari 234
1.189–1.190 dari 1.487
11.884–11.893 dari 14.865
201.027 saking sagêdipun angalingi | dhatêng ingkang akèngkèn punika | sang natalon timbalane | layak mangkono iku | hèh ta sira paman apatih | ywa pêgat anggêgabah | ing wadyanirèku | bok dawa kang pagawean | atur sêmbah rahadèn rêkyana patih | prakawis ari nata ||
201.028 Pangran Răngga Pangran Mangkubumi | tuwin Pangeran Dipanagara | pun Arya Pringgalayane | punapa ta pukulun | inggih botên dipun timbali | sang nata angandika | iya Tir dèn gupuh | sira agawea layang | animbali marang ing si adhi-adhi | lawan Si Pringgalaya ||
201.029 nêmbah mêdal kang punggawa kalih | sira Arya Anatakusuma | sapraptanirèng dalême | kang para garwa mêthuk | samya nguswa suku manangis | ketang sruning pawarta | duk andon prang pupuh | tan winarna solahira | dènnya onêng-onêngan mring para rabi | gantya kang kawuwusa ||
158. Radèn Mas Garêndi jumênêng nata wontên ing Pathi, ajêjuluk Prabu Kuning
201.030 Martapura kang apacak baris | budhal saking nagri Garobogan | mring bumi Dêmak jujuge | samana wus akumpul | lan wong Cina sampun apanggih | lawan Singsèh Sapanjang | suka ing tyasipun | sira pun Singsèh Sapanjang | nulya sira pun Êtik atur upaksi | yèn angrawati bocah ||
201.031 duk Rahadèn Wiramênggalèki | tinêlasan punika binêkta [25: 61: bi...nêkta] | mring pun Tik dèn singkirake | kêkalih tunggilipun | Radèn Êmas Grêndi satunggil | lan Radèn Mas Sarada | nênggih kang sêsunu | pangeran ing Têpasana | Mas Sêrada Radèn Jayakusumèki | ingkang darbe atmaja ||
201.032 singsèh Sapanjang lingira aris | yèn mangkono bok ginawe raja | kaya priye iku Radèn | Martapura amuwus | iya bêcik bapak upami | sang nata tulus buwang | mring wong Cina iku | apadene Si Walănda | anêdya amatèni mring awak iki | yêkti sajang ing ajang ||
201.033 saolèh-olèh ambila wani | aran dhèwèk wong kinaniaya | Sapanjang malih atakèn | Radèn Garêndi iku | iya apa sanake nênggih | mring rajèng Kartasura | Martapura muwus | mulane puniku wênang | dadya ratu dene santanèng narpati | prabu ing Kartasura ||
201.034 Singsèh Sapanjang angucap malih | yèn sanake Prabu Kartasura | bokne iku goroh manèh | tiru santananipun | Martapura gumuyu angling | iya kang ora-ora | ingsun kang ananggung | yèn kongsia madêg nata | Mas Garêndi manira kang anandhoni | kongsia duwe ala ||
201.035 Kapitan Panjang ngucap ambêkis | pasthi tiru kang aduwe darah | iya radèn kowe bae | sun adêgakên ratu | aran sira padha wong Jawi | sumaur Martapura | pan sarwi gumuyu | puniku dede rêrasan | boya kêna manira madêg narpati | lan sarwi kipa-kipa [25: 62] ||
201.036 ingsun dudu trahing narapati | pan trah-tumêrah abdining nata | utik-utik salamine | Radèn Garêndi iku | iya patut dadi narpati | mêngku rat tanah Jawa | pan lêluhuripun | iya bapak dèn pitaya | mupung nistha ingadêgakên narpati | pasthi wruh kabêcikan ||
1.189–1.190 dari 1.487