Tembang macapat

Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939–41, #1024

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939–41, #1024

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
201 dari 234
1.189–1.190 dari 1.487
11.889–11.898 dari 14.865
201.032 singsèh Sapanjang lingira aris | yèn mangkono bok ginawe raja | kaya priye iku Radèn | Martapura amuwus | iya bêcik bapak upami | sang nata tulus buwang | mring wong Cina iku | apadene Si Walănda | anêdya amatèni mring awak iki | yêkti sajang ing ajang ||
201.033 saolèh-olèh ambila wani | aran dhèwèk wong kinaniaya | Sapanjang malih atakèn | Radèn Garêndi iku | iya apa sanake nênggih | mring rajèng Kartasura | Martapura muwus | mulane puniku wênang | dadya ratu dene santanèng narpati | prabu ing Kartasura ||
201.034 Singsèh Sapanjang angucap malih | yèn sanake Prabu Kartasura | bokne iku goroh manèh | tiru santananipun | Martapura gumuyu angling | iya kang ora-ora | ingsun kang ananggung | yèn kongsia madêg nata | Mas Garêndi manira kang anandhoni | kongsia duwe ala ||
201.035 Kapitan Panjang ngucap ambêkis | pasthi tiru kang aduwe darah | iya radèn kowe bae | sun adêgakên ratu | aran sira padha wong Jawi | sumaur Martapura | pan sarwi gumuyu | puniku dede rêrasan | boya kêna manira madêg narpati | lan sarwi kipa-kipa [25: 62] ||
201.036 ingsun dudu trahing narapati | pan trah-tumêrah abdining nata | utik-utik salamine | Radèn Garêndi iku | iya patut dadi narpati | mêngku rat tanah Jawa | pan lêluhuripun | iya bapak dèn pitaya | mupung nistha ingadêgakên narpati | pasthi wruh kabêcikan ||
201.037 iya apan tatane wong Jawi | nora kêna iya singa wonga | lamun ta dudu bèbète | kang duwe praja iku | yèn sok wonge madêg narpati | măngsa uripe waras | mati dèn karubut | ing pênthung maring wong desa | saparane măngsa nêmua basuki | sapa kang gêlêm nêmbah ||
201.038 Kapitan Panjang mèsêm dènnyangling | iya măngsa ta bodhoa sira | ing ala lawan bêcike | dyan ingaturan sampun | wau sira Radèn Garêndi | Sapanjang undhang-undhang | marang ing wadyagung | sadaya kinèn sanega | miwah Radèn Martapura angundhangi | karya taratag rambat ||
201.039 sampun kumpul sakathahing baris | mukul bêndhe bèri pan gumêrah | awor kêkênthung swarane | Radèn Martapura wus | nabuh kodhokngorèk ngrêrangin | Radèn Grêndi sayaga | linênggahkên sampun | ing tarub munggèng dhêdhampar | ingundhangkên bisikanira narpati | wus samya ingèstrènan ||
201.040 Susunan Mangkurat Prabu Kuning | saha Senapati Ing Ngalaga | Ngabdurahman Sayidine | Panata Agamèku | wus misuwur ing kanan keri | bumi Dêmak ing Wotan | ana madêg ratu | apan [25: 63: apa...n] ta trahing kusuma | suyud bumi Dêmak ingkang kanan keri | gantya kang winursita ||
201.041 sapraptane Mangunonêng Pathi | lajêng pacak baris padhusunan | wong desa sumuyud kabèh | ing Pathi kang palungguh | duk samana Dyan Mêgatsari | ingantêp paran karsa- | nira apa mêthuk | ing yuda punapi boya | yèn magut prang ing benjing kula anggitik | inggih dipun atanggah ||
1.189–1.190 dari 1.487