Tembang macapat

Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939–41, #1024

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939–41, #1024

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
201 dari 234
1.190–1.191 dari 1.487
11.895–11.904 dari 14.865
201.038 Kapitan Panjang mèsêm dènnyangling | iya măngsa ta bodhoa sira | ing ala lawan bêcike | dyan ingaturan sampun | wau sira Radèn Garêndi | Sapanjang undhang-undhang | marang ing wadyagung | sadaya kinèn sanega | miwah Radèn Martapura angundhangi | karya taratag rambat ||
201.039 sampun kumpul sakathahing baris | mukul bêndhe bèri pan gumêrah | awor kêkênthung swarane | Radèn Martapura wus | nabuh kodhokngorèk ngrêrangin | Radèn Grêndi sayaga | linênggahkên sampun | ing tarub munggèng dhêdhampar | ingundhangkên bisikanira narpati | wus samya ingèstrènan ||
201.040 Susunan Mangkurat Prabu Kuning | saha Senapati Ing Ngalaga | Ngabdurahman Sayidine | Panata Agamèku | wus misuwur ing kanan keri | bumi Dêmak ing Wotan | ana madêg ratu | apan [25: 63: apa...n] ta trahing kusuma | suyud bumi Dêmak ingkang kanan keri | gantya kang winursita ||
201.041 sapraptane Mangunonêng Pathi | lajêng pacak baris padhusunan | wong desa sumuyud kabèh | ing Pathi kang palungguh | duk samana Dyan Mêgatsari | ingantêp paran karsa- | nira apa mêthuk | ing yuda punapi boya | yèn magut prang ing benjing kula anggitik | inggih dipun atanggah ||
201.042 yèn lolosa kawula aturi | sikêp tundhan botên munasika | ing lampah sampeyan radèn | sapa mirsanirèku | Radèn Arya Pamêgatsari | dhasar wongira têlas | sumuyud ing musuh | langkung angênês ing driya | nulya kesah Radèn Arya Mêgatsari | saking nagri Santênan ||
201.043 Mangunonêng pan anuding mantri | angatêra maring radèn arya | ywa kari sakagungane | miyos ing Cêngkalsèwu | pan ing Pathi wus dèn êbroki | mring Mangunonêng sigra | saha wadyanipun | wus andadi barisira | wau Partawijaya ing Lasêm prapti | wus awor barisira ||
201.044 Mangunonêng amiyarsa warti | lamun sira Radèn Martapura | wus angadêgakên rajèng | ingkang jinunjung ratu | apan iya Radèn Garêndi | ngrasa kantun ing karsa | kadhinginan laku | gunêm lan santananira | Kartawirya Ki Mangunonêng sêdyèki | karya dora sêmbada ||
201.045 utusan marang Martapurèki | saha sêrat mêsat dutanira | asigra-sigra lampahe | ing marga [25: 64: mar...ga] tan winuwus | ing nagari Dêmak wus prapti | pasanggrahan ing Wotan | wau kang jinujug | wus panggih lan Martapura | sêrat katur tinampan tinupiksaglis | bêbukaning kang salam ||
201.046 sasampune salam kula adhi | inggih lampah kawula punika | radèn patih timbalane | kinèn angupayèku | Mas Garêndi lamun kapanggih | inggih bêbakalana | ngadêgakên ratu | lan kawula binêktanan | upacara dandanan wong madêg aji | lawan ta kinèn bêkta ||
201.047 inggih dhatêng nagari ing Pathi | umadêga wontên ing Santênan | dene ta adhi ing mangke | lampah kula akantun | măngsa borong karsane adhi | lamun kenging punika | ing salêrêsipun | têdhaka dhatêng Santênan | yèn lêgèng tyas kawula mêthuk mondhongi | dhatêng nagari Dêmak ||
1.190–1.191 dari 1.487