Tembang macapat

Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939–41, #1024

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939–41, #1024

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
202 dari 234
1.202–1.203 dari 1.487
12.013–12.022 dari 14.865
202.060 sun kawruhi [26: 6: ka...wruhi] saunine layangira | yèn loring Kêndhêng mangkin | isi cêmpe lawan | gudèl lagi kêmraca | sanadyan isia ugi | buta salêksa | lawan kang banaspati ||
202.061 apan iya nora kandhêg lakuningwang | apan tanah pasisir | tandhês ing lautan | pan iya kang kagungan | gustiningsun sri bupati | langkung bramatya | Radèn Martapurèki ||
202.062 ulatnyandik pinuntir jêjenggotira | bêkuh sarwi mucicil | angundhangi bala | sagung wong Garobogan | wong desa samya kinêrig | pan ingagêman | landheyan pring sumawi ||
202.063 sinisikan katingala waos pêthak | pinrênah kanan kering | asru angandika | Rahadèn Martapura | aywana kang milu jurit | padha suraka | saking ing kanan kering ||
202.064 atêngara budhal sagunging gêgaman | kang munggèng kanan keri | sarwi surak-surak | ingkang pinangku ngarsa | amung wadya kawan biting | lan wadya Cina | satus kang munggèng ngarsi ||
202.065 nitih kuda sira Radèn Martapura | ngapit wong magêrsari | arja songsong seta | ginarbêg ing santana | kodhokngorèk munggèng wuri | umung tinêmbang | ginêlak ponang baris ||
202.066 praptèng Bicak wau ingkang kawarnaa | wadyèng Kartasurèki | gugup amiyarsa | kalamun mêngsah prapta | sigra dènnya tata baris | Tumênggung Singa- | ranu Wiragunèki ||
202.067 Radèn Mlayakusuma Mangunnagara | samya atata baris | sigra [26: 7] dènnya mangsah | wadya ing Garobogan | Martapura anindhihi | lan wadya Cina | sarêng nêmpuh mangungkih ||
202.068 tinadhahan dening wadya Kartasura | rame bêdhil-binêdhil | wadyèng Garobogan | lawan kang wadya Cina | gumulung mamuk mangungkih | wong Kartasura | panggah wus kèh ngêmasi ||
202.069 Radèn Singaranu umiyat ing wadya | kalamun kèh ngêmasi | gya nitih turăngga | nandêr marang ing ngarsa | mangsah kang katrajang ngisis | wong Garobogan | lumaywa nganan ngeri ||
1.202–1.203 dari 1.487