Tembang macapat

Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939–41, #1024

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939–41, #1024

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
202 dari 234
1.196–1.197 dari 1.487
11.960–11.969 dari 14.865
202.007 Ki Dipati Pathi alon wuwusira | bapak tataning Jawi | aprang têtêmênan | apatèn-pinatenan | nora angeman wong cili | suk karêksaa | dènnya karya wêwadi ||
202.008 dene ingkang liya rahadèn apatya | tumpêsên aywa kari | pan wong mêmungsuhan | kabèh wong Kartasura | miwah bala ing pasisir | singa kacandhak | bajang pinatèn ugi ||
202.009 besuk Ngahad ginitik wong Kartasura | bitinge dèn unggahi | wong Cina kang ana | ing Dêmak bantonana | dimèn anglêlèdhèk wani | rêbut jajahan | lan wong Kartasurèki ||
202.010 lan Ngabèi Ping Bulung parentahana | kiraba sabên enjing | dèn kalèncèrana | kang baris [25: 76: ba...ris] ing Layapan | Sapanjang gya marentahi | ing wadya Cina | tri atus ambantoni ||
202.011 mring Ngabèi Ping Bulung kang baris Dêmak | budhal sagung prajurit | Cina kalih dasa | bandera kang lumampah | nagari Dêmak wus prapti | panggih kalawan | Ping Bulung Angabèi ||
202.012 dhinawuhan parèntahira Sapanjang | kiraba sabên enjing | angalèncèrana | kang baris ing Layapan | sigra Ping Bulung Ngabèi | ngundhangi bala | munya kêkênthung bèri ||
202.013 wus samakta budhal saking kitha Dêmak | wadyanira pinalih | mêdal ing baita | sapalih miyos dharat | asurak-surak samargi | prajurit Cina | samya gambirèng wèsthi ||
202.014 praptèng Kêdhungutêr kèndêl nata wadya | Ping Bulung Angabèi | asuwarèng bala | kabèh prajurit Cina | padha asoa rumiyin | kang mêtu dharat | miwah kang mêtu kali ||
202.015 nulya ngumpul sagunging prajurit Cina | kapala dèn undhangi | Ping Bulung sru ngucap | iya ing benjang-enjang | sun arsa angantêp jurit | biting Layapan | besuk sun obrak-abrik ||
202.016 nadyan silih prentahe Singsèh Sapanjang | sun kinèn ngalèncèri | iya apa guna | angur ginêpuk pisan | pan ingsun arsa ngayoni | wong Kartasura | pan ingsun durung miris ||
1.196–1.197 dari 1.487