Tembang macapat

Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939–41, #1024

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939–41, #1024

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
202 dari 234
1.197–1.198 dari 1.487
11.967–11.976 dari 14.865
202.014 praptèng Kêdhungutêr kèndêl nata wadya | Ping Bulung Angabèi | asuwarèng bala | kabèh prajurit Cina | padha asoa rumiyin | kang mêtu dharat | miwah kang mêtu kali ||
202.015 nulya ngumpul sagunging prajurit Cina | kapala dèn undhangi | Ping Bulung sru ngucap | iya ing benjang-enjang | sun arsa angantêp jurit | biting Layapan | besuk sun obrak-abrik ||
202.016 nadyan silih prentahe Singsèh Sapanjang | sun kinèn ngalèncèri | iya apa guna | angur ginêpuk pisan | pan ingsun arsa ngayoni | wong Kartasura | pan ingsun durung miris ||
202.017 tan winarna ing dalu wuwusên enjang | samakta kang prajurit | budhal saha bala | Ping Bulung nèng baita | kang miyos dharat sapalih | praptèng Layapan [25: 77] | ing wanci pacêt rakit ||
202.018 kawarnaa kang abaris ing Layapan | miyat Cina dhatêngi | gugup asadhiya | samana maksih nendra | rahadèn rêkyana patih | kagyat gumêrah | ing jawi wungu aglis ||
202.019 angandika apa rame-rame ika | kang tunggu awotsari | inggih Cina prapta | maju kalih lampahnya | sapalih miyos ing kali | sapalih dharat | têdhak radèn apatih ||
202.020 munggèng palataran nata wadyanira | wong jayèngastra prapti | lan wong jayantaka | kalawan wong nirmala | wong tanparaga miyosi | wong japarusa | mêdal jawining kori ||
202.021 lawan wadya Bagêlèn wus munggèng ngarsa | samya angagêm bêdhil | wong Sêmawung samya | watara kawan dasa | samya lancang unjuknèki | sagah nanggulang | ing Cina lawan bêdhil ||
202.022 samya mêntas Cina kang mêdal baita | kang dharat marêpêki | campuh kang ayuda | mamuk kang wadya Cina | rame tinadhahan bêdhil | kathah kacurnan | nanging tan dadya sakit ||
202.023 wong Sêmawung kathah kêni ing sanjata | datan tahan nadhahi | wadya tanparaga | lan wong jayaparusa | tan wontên tulung ing jurit | nonton kewala | pan sarwi anyuraki ||
1.197–1.198 dari 1.487