Tembang macapat

Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939–41, #1024

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939–41, #1024

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
202 dari 234
1.199–1.200 dari 1.487
11.988–11.997 dari 14.865
202.035 para lurah wadyane radyan apatya | mêdal samya mangungsir | tuwin wadyanira | Radèn Sujanapura | dènnya mangungsir nglancangi | akèh kacandhak | wong Cina dèn kêthoki ||
202.036 murdanira katur ing radèn apatya | suka dènnya ningali | wus samya ginanjar | kabèh kang angsal sirah | nyadasa kang angsal kuping | anglimang reyal | suka manahing dasih ||
202.037 samya mundur wau kang prajurit Cina | wangsul mring Dêmak malih | sahatur uninga | ing Radèn Martapura | lawan Sang Dipati Pathi | yèn pur ing yuda | tan asor tan ainggil ||
202.038 dyan siyaga sira Radèn Martapura | nêdya bantu ngajurit | mring nagari Dêmak | lawan prajurit Cina | limang atus kang dèn irid | wus praptèng Dêmak | lan Ping Bulung wus panggih [26: 3] ||[1]
159. Wadyabala Kartasura campuh kalihan wadyabala Cina wontên ing Dêmak
202.039 kunêng ingkang gantya wau kawuwusa | Arya Pringgalayèki | praptèng Garobogan | lawan sagung punggawa | pan sampun apacak baris | pangarsanira | nèng Têrmala abaris ||[2]
202.040 Ki Tumênggung Mangunnagara kalawan | Kyai Wiragunèki | Singaranu lawan | Radèn Mlayakusuma | punika kang anindhihi | Dyan Pringgalaya | ing Bicak dènnya baris ||
202.041 kang wadyalit Garobogan apuyêngan | wanèh atur upaksi | marang gustinira | kang anèng bumi Dêmak | Rahadèn Martapurèki | dupi miyarsa | duka yayah sinipi ||
202.042 animbali maring Radèn Suranata | lan Padmanagaraglis | lan Ping Bulung samya | wus praptèng ngarsanira | Rahadèn Martapurangling | padha kariya | ingsun miyarsa warti ||
202.043 yèn ing Garobogan wus kancikan mêngsah | wadyèng Kartasurèki | têtindhihing lampah | Rahadèn Pringgalaya | lan Malayakusumèki | pănca punggawa | kang samya dèn tindhihi ||
202.044 kawalana bae kang baris Layapan | iku sun cacak dhingin | Arya Pringgalaya | sigra dènnya siyaga | Rahadèn Martapurèki | budhal angetan | wangsul mring Gubug malih ||
1.199–1.200 dari 1.487

 


§ Lajêng nyandhak jilid: 26. (kembali)
Titik awal: Babad Tanah Jawi, Jilid 26 (Serie No. 1289y). Batawi Sèntrêm: Bale Pustaka, 1941, 79 hlm. Judul jilid: Kartasura bêdhah dening prajurit Cina. (kembali)