Tembang macapat

Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939–41, #1024

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939–41, #1024

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
202 dari 234
1.200–1.201 dari 1.487
11.992–12.001 dari 14.865
159. Wadyabala Kartasura campuh kalihan wadyabala Cina wontên ing Dêmak
202.039 kunêng ingkang gantya wau kawuwusa | Arya Pringgalayèki | praptèng Garobogan | lawan sagung punggawa | pan sampun apacak baris | pangarsanira | nèng Têrmala abaris ||[1]
202.040 Ki Tumênggung Mangunnagara kalawan | Kyai Wiragunèki | Singaranu lawan | Radèn Mlayakusuma | punika kang anindhihi | Dyan Pringgalaya | ing Bicak dènnya baris ||
202.041 kang wadyalit Garobogan apuyêngan | wanèh atur upaksi | marang gustinira | kang anèng bumi Dêmak | Rahadèn Martapurèki | dupi miyarsa | duka yayah sinipi ||
202.042 animbali maring Radèn Suranata | lan Padmanagaraglis | lan Ping Bulung samya | wus praptèng ngarsanira | Rahadèn Martapurangling | padha kariya | ingsun miyarsa warti ||
202.043 yèn ing Garobogan wus kancikan mêngsah | wadyèng Kartasurèki | têtindhihing lampah | Rahadèn Pringgalaya | lan Malayakusumèki | pănca punggawa | kang samya dèn tindhihi ||
202.044 kawalana bae kang baris Layapan | iku sun cacak dhingin | Arya Pringgalaya | sigra dènnya siyaga | Rahadèn Martapurèki | budhal angetan | wangsul mring Gubug malih ||
202.045 praptèng Gubug lajêng dènnya [26: 4] pirêmbagan | lawan Dipati Pathi | lan Singsèh Sapanjang | sru angling Martapura | dèn samya prayitnèng wèsthi | têngga sang nata | kawula arsa gitik ||
202.046 mungsuh Kartasura kang ngancik ing Bicak | arsa kula ayoni | Arya Pringgalaya | senapatining yuda | kathah punggawa umiring | yèn winatara | salêksa gunging baris ||
202.047 kula botên ambêkta kanthi punggawa | sun cacake pribadi | lan prajurit Cina | inggih satus kewala | Dipati Pathi lingnyaris | aywa pêpeka | kula milwa ngawaki ||
202.048 mêngsah dika kathah bok kaparèng tiwas | Radèn Martapurangling | sanadyan wêndrana | lamun ratune ala | wong cili darma nglakoni | yèn ratu cidra | nir yuwananing jurit ||
1.200–1.201 dari 1.487

 


Titik awal: Babad Tanah Jawi, Jilid 26 (Serie No. 1289y). Batawi Sèntrêm: Bale Pustaka, 1941, 79 hlm. Judul jilid: Kartasura bêdhah dening prajurit Cina. (kembali)