Tembang macapat

Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939–41, #1024

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939–41, #1024

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
203 dari 234
1.209–1.210 dari 1.487
12.085–12.094 dari 14.865
203.046 aywa susah tyas sêsami | pira duwèkmu kang ilang [26: 16: i...lang] | ingsun kang angulihake | wis padha sira mondhoka | tunggala lan Ji Jămbla | kang tinuduh nêmbah mundur | sapraptanirèng pondhokan ||
203.047 tinungkak pinaring mintir | arta kalawan busana | wus samya eca manahe | gantya wau kawuwusa | Rahadèn Pringgalaya | atur uningèng sang prabu | dènnya kasoran ing yuda ||
203.048 punggawa kalih ngêmasi | Singaranu Wiraguna | kang sêrat lumaksanage | praptèng nagri Kartasura | wus katur ing sang nata | iya ing saaturipun | Radèn Arya Pringgalaya ||
203.049 yèn mêngsah punika mangkin | Mangunonêng Martapura | gusti pan dede wadose | mila sangsaya angrêbda | inggih darmi lumampah | salir solahbawanipun | punika darmi lumampah ||
203.050 pun Paridan nonjok tulis | gusti dhumatêng kawula | lamun sasolahbawane | pan inggih darmi lumampah | angadêgakên praja | anglampahi ing satuduh | kawula ajrih matura ||
203.051 mila kawula unduri | abaris wontên ing Kampak | inggih saking kawatose | dene rencang dede rencang | pan mêngsah dede mêngsah | kawula ajrih kalangkung | lair rencang batin mêngsah ||
203.052 sang nata ngungun mirsèki | duka sêmutên kang jaja | sumung-sumung pasuryane | animbali Wirajaya | sapraptanirèng ngarsa | asru ngandika sang prabu | alah iki Wirajaya ||
203.053 Si Pringgalayatur tulis | aprakara ingkang mêngsah | samêngko dudu wadine | ana ingkang [26: 17] duwe akal | pan iya padha rewang | Si Garêndi madêg ratu | ana ingkang gawe polah ||
203.054 marma Si Pringgalayaglis | barise mundur mring Kampak | ingkang tinaha batine | iya kang baris Layapan | dene nora kayaa | jagat kudu hura-huru | senapati makan tuwan ||
203.055 sira lumakua aglis | marang barisan ing Kampak | ompong têtêmua dhewe | sira lan Si Pringgalaya | ing warta dèn waspada | Wirajaya awotsantun | mêdal saking jroning pura ||
1.209–1.210 dari 1.487