Tembang macapat

Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939–41, #1024

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939–41, #1024

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
203 dari 234
1.210 dari 1.487
12.091–12.100 dari 14.865
203.052 sang nata ngungun mirsèki | duka sêmutên kang jaja | sumung-sumung pasuryane | animbali Wirajaya | sapraptanirèng ngarsa | asru ngandika sang prabu | alah iki Wirajaya ||
203.053 Si Pringgalayatur tulis | aprakara ingkang mêngsah | samêngko dudu wadine | ana ingkang [26: 17] duwe akal | pan iya padha rewang | Si Garêndi madêg ratu | ana ingkang gawe polah ||
203.054 marma Si Pringgalayaglis | barise mundur mring Kampak | ingkang tinaha batine | iya kang baris Layapan | dene nora kayaa | jagat kudu hura-huru | senapati makan tuwan ||
203.055 sira lumakua aglis | marang barisan ing Kampak | ompong têtêmua dhewe | sira lan Si Pringgalaya | ing warta dèn waspada | Wirajaya awotsantun | mêdal saking jroning pura ||
203.056 sapraptanira ing jawi | lajêng budhal sigra-sigra | wus praptèng Kampak lampahe | wus panggih lan radèn arya | samana bêbisikan | sapawartinira katur | Radèn Arya Pringgalaya ||
203.057 kadriya ingkang pawarti | Ki Tumênggung Wirajaya | apan tansah gèdhèg-gèdhèg | lawan andangu sanjata | mariyêm kang ginadhah | maksih lawan botênipun | katur yèn maksih binêkta ||
160. Patih Natakusuma kadukan dhatêng ingkang Sinuhun dipun cêpêng dening Kumpêni wontên Samarang
203.058 Tumênggung Wirajayèki | amit mundur saking Kampak | kunêng ingkang winiraos | Tumênggung Tirtawiguna | kang anèng ing Samarang | kang tinuduh angrêrapu | amirapêt ing arênggang ||
203.059 samana dutanya prapti | ngaturi srat ing sang nata | kang sêrat sampun tinampèn | binuka sinuksmèng driya | ing kangjêng sri narendra | abdi dalêm pun Tumênggung | Tirtawigunatur pêjah [26: 18] ||
203.060 gêsang katur ing narpati | saha kang pinudya-pudya | mahambêk santa budyane | ingkang paramartèng wadya | saha sêmbah kawula | rèhning kang abdi tinuduh | amirapêt ing arênggang ||
203.061 inggih sagunging Kumpêni | pun kumêndur sakatrinya | komasaris sêpuh anèm | pan inggih sampun pracaya | gusti dhatêng kawula | mung satunggil cacadipun | Kumpêni samya miyarsa ||
1.210 dari 1.487