Tembang macapat

Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939–41, #1024

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939–41, #1024

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
203 dari 234
1.212–1.213 dari 1.487
12.116–12.125 dari 14.865
203.077 pun adipati ing Pathi | kalawan pun Martapura | atur uninga wiyose | rèhning kawula dinuta | ambêbakali raja | wayah paduka pukulun | Mas Garêndi sampun dadya ||
203.078 jumênêng Sang Prabu Kuning | mangke kawula sumăngga | ing karsa sampeyan radèn | yèn suwawi pinarêka | dhatêng nagari Dêmak | amangkua ing kaprabun | wayah paduka sumăngga ||
203.079 yèn tan akarsa ngawaki | kang abdi nuhun pitêdah | gumujêng wau rahadèn | iki akale wong edan | titi tamat kang surat | gya pinaringakên gupuh | maring Radèn Suralaya ||
203.080 nanging sajroning srat nênggih | wontên sêrat lêlêmpitan | alit tan pinaringake | marma sagung pra dipatya | samya salah graita | dening sêrat jawi wau | punggawa gantya nupiksa ||
203.081 ya ta kang winuwus malih | duta saking Kartasura | praptèng Samarang lampahe | panggih lan Tumênggung Tirta- [26: 21] | wiguna wus tinampan | kang sêrat sinuksmèng kalbu | suka dènira miyarsa ||
203.082 wus lajêng lumêbèng loji | Tumênggung Tirtawiguna | katur satêmbung-têmbunge | sêrat saking Kartasura | mring komasaris bêsar | miwah dhatêng ing kumêndur | prasamya suka miyarsa ||
203.083 sêrat wus kinèn mangsuli | yèn sang nata tuhu lila | animbalana dèn age | ing Radèn Natakusuma | lawan kinèn mampira | ing loji panggih lan ingsun | Tirtawiguna wus mêdal ||
203.084 caraka tinulak aglis | sampun binêktanan surat | kang badhe katur sang katong | duta lampahe asigra | wus praptèng Kartasura | surat wus katur Tumênggung | Wirajaya dyan sewaka ||
203.085 sapraptanirèng jro puri | sêrat katur ing narendra | tinampèn tinupiksage | sang nata sigra utusan | amatêdhani surat | ing radèn apatih wau | asigra lampahing duta ||
203.086 sampun praptèng ing Tlagaji | duta tumamèng ngayunan | kang sêrat dhinawuhake | ing radèn rêkyana patya | tinampan tinupiksa | miyarsa kalangkung ngungun | sira rahadèn apatya ||
1.212–1.213 dari 1.487