Tembang macapat

Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939–41, #1024

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939–41, #1024

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
203 dari 234
1.213–1.214 dari 1.487
12.124–12.133 dari 14.865
203.085 sapraptanirèng jro puri | sêrat katur ing narendra | tinampèn tinupiksage | sang nata sigra utusan | amatêdhani surat | ing radèn apatih wau | asigra lampahing duta ||
203.086 sampun praptèng ing Tlagaji | duta tumamèng ngayunan | kang sêrat dhinawuhake | ing radèn rêkyana patya | tinampan tinupiksa | miyarsa kalangkung ngungun | sira rahadèn apatya ||
203.087 apan tinimbalan mulih | lan pinatêdhan uninga | yèn mêngsah Cina ing mangke | wus angancik Salatiga | lan kinèn amampira | pêpanggiha lan kumêndur | myang komasaris kalihnya ||
203.088 kagyat rahadèn apatih | langkung wagugên ing driya | dènnya miyarsa wartine | Cina ngancik Salatiga | dadya ngundhangi wadya | wadyalit [26: 22: wa...dyalit] kang samya ngrungu | budhal tan mawi ngundhangan ||
203.089 pikulan kèh dèn bucali | wus pêpêt dening rêmbatan | wau korine kang bètèng | dening sagung pra dipatya | samya munggèng ngayunan | radèn patih ngandikasru | mring Ngabèi Wiradigda ||
203.090 lawan Ki Rêksaprajèki | lan pêpatihe kang putra | lan sabaturira kabèh | hèh sira padha karia | lawan sabaturira | panjêrên bandera iku | dèn katon saking kadohan ||
203.091 yèn ingsun mêngko lumaris | kira-kira saonjotan | sira sumusula kabèh | ywa kari sabaturira | poma aywa pêpeka | pêpanjêran banderèku | kabèh lah sira tinggala ||
203.092 tur sêmbah ingkang tinuding | sira rahadèn apatya | budhal sawadyabalane | atata ing lampahira | wus angsal saonjotan | kèndêl ngêntosi ing pungkur | wadyaglar ngèbêki papan ||
203.093 prajurit Cina udani | yèn baris Tlagaji bubar | apan arsa dèn kêkodhol | nanging tahane manahnya | maksih wontên bandera | pinanjêr panyananipun | jro biting maksih akathah ||
203.094 dangu-dangu aningali | yèn wontên gêgaman mêdal | anusul gêgaman gêdhe | bandera maksih tinilar | ya ta kang wadya Cina | awas dènira andulu | tumanduk mring pabitingan ||
1.213–1.214 dari 1.487