Tembang macapat

Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939–41, #1024

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939–41, #1024

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
203–204 dari 234
1.214 dari 1.487
12.131–12.140 dari 14.865
203.092 tur sêmbah ingkang tinuding | sira rahadèn apatya | budhal sawadyabalane | atata ing lampahira | wus angsal saonjotan | kèndêl ngêntosi ing pungkur | wadyaglar ngèbêki papan ||
203.093 prajurit Cina udani | yèn baris Tlagaji bubar | apan arsa dèn kêkodhol | nanging tahane manahnya | maksih wontên bandera | pinanjêr panyananipun | jro biting maksih akathah ||
203.094 dangu-dangu aningali | yèn wontên gêgaman mêdal | anusul gêgaman gêdhe | bandera maksih tinilar | ya ta kang wadya Cina | awas dènira andulu | tumanduk mring pabitingan ||
203.095 pondhok samya dèn obongi | wau ta Ki Wiradigda | sampun amor ing lampahe | lan radèn [26: 23: ra...dèn] rêkyana patya | lajêng samya lêlampah | ing marga datan winuwus | praptèng dhusun ing Rangkudan ||
203.096 amasanggrahan dyan patih | lawan sagung pra dipatya | nanging tan eca manahe | dènnya wus miyarsa warta | ing dukane sang nata | winastan makèwêd laku | batine nganthi wong Cina ||
204. Kinanthi
204.001 rahadèn patih sadalu | tanpa sare mêrêm mêlik | kang kacipta jroning nala | ing karsa mandhêg anolih | yèn ingsun anutugêna | amomong ing Sri Garêndi ||
204.002 liwat nisthane wak ingsun | dene wus corah ing warti | lêlakoningsun punggêla | tan wande ingsun bilahi | Si Garêndi sun cêkêla | sun aturna mring sang aji ||
204.003 abangêt niayaningsun | pasthi ngayunan tinagih | besuk nèng alam ngakerat | dene ku panggawe mami | kayapriye solah ingwang | samana wus gagat enjing ||
204.004 nimbali pêpatihipun | Surajaya praptèng ngarsi | lan sagunging para lurah | sadaya wus praptèng ngarsi | rahadèn patih ngandika | sira kabèh ingsun todhi ||
204.005 trêsnanira marang ingsun | pa milu sabaya pati | utawa kalamun ora | padha matura sayêkti | pra lurah samya karuna | dhuh gusti sang adipati ||
1.214 dari 1.487