Tembang macapat

Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939–41, #1024

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939–41, #1024

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
203 dari 234
1.205–1.206 dari 1.487
12.048–12.057 dari 14.865
203.009 pocotan mantri panumping | awasta Ki Kartadipa | ing Andong kawijilane | matur maring Radèn Arya | mariyêm kang kagungan | raka paduka sang prabu | maksih kantun anèng Bicak ||
203.010 manawi dinangu benjing | pasthi sampeyan dinukan | dening prang dèrèng abucèl | tilar kagungan narendra | sumaur radèn arya | asêrêng [26: 11: asê...rêng] sarwi ambêkuh | lah iya kayapa sira ||
203.011 sira iku paksa wani | mara sira balènana | mriyêm kagungan sang katong | tur sêmbah Ki Kartadipa | sandika nulya kesah | sarwi mundhut sikêpipun | maring sagunging punggawa ||
203.012 Ki Kartadipa wus bali | lampah pandung sêdyanira | wus praptèng Bicak lampahe | kapanggih mamring kewala | tan wontên mungsuh prapta | kodhokngorèk kang angungkung | maksih anèng katêbihan ||
203.013 mariyêm wus dèn dandani | gumujêng Ki Kartadipa | miyarsa kodhokngorèke | mungêl nèng luhur kêkaywan | asigra lampahira | radèn arya wus kasusul | kèndêl baris anèng Kampak ||
203.014 kalangkung suka tan sipi | wau Radèn Pringgalaya | umiyat maring solahe | Ki Kartadipa ginanjar | langkung dènnya sinihan | kapracayèng siyang dalu | tansah ing ngayunanira ||
203.015 ing mangkin ingkang winarni | apan wis gagat raina | Rahadèn Martapurane | kalawan pun Êncik Macan | budhal sing pamondhokan | saha bala sampun rawuh | ing Bicak pan wus kancikan ||
203.016 angrantamakên wadyalit | sira Radèn Martapura | gantya wau winiraos | Radèn Anatakusuma | budhal saking layapan | saha wadyakuswa umung | nêdya majêng barisira ||
203.017 angêbroki ing Talgaji | pangajêngira wus budhal | anèng Toyana barise | pasisir bang kilèn prapta | Rahadèn Jayaningrat | wau kang [26: 12] angirid laku | lawan Radèn Suralaya ||
203.018 pinarnah pakuwonnèki | wau Radèn Jayaningrat | lan Radèn Suralayane | tunggil lan radèn apatya | ingkang tinuduh ngarsa | sira Răngga Kaliwungu | lawan Ki Ngabèi Kêndhal ||
1.205–1.206 dari 1.487