Tembang macapat

Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939–41, #1024

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939–41, #1024

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
203 dari 234
1.206–1.207 dari 1.487
12.052–12.061 dari 14.865
203.013 mariyêm wus dèn dandani | gumujêng Ki Kartadipa | miyarsa kodhokngorèke | mungêl nèng luhur kêkaywan | asigra lampahira | radèn arya wus kasusul | kèndêl baris anèng Kampak ||
203.014 kalangkung suka tan sipi | wau Radèn Pringgalaya | umiyat maring solahe | Ki Kartadipa ginanjar | langkung dènnya sinihan | kapracayèng siyang dalu | tansah ing ngayunanira ||
203.015 ing mangkin ingkang winarni | apan wis gagat raina | Rahadèn Martapurane | kalawan pun Êncik Macan | budhal sing pamondhokan | saha bala sampun rawuh | ing Bicak pan wus kancikan ||
203.016 angrantamakên wadyalit | sira Radèn Martapura | gantya wau winiraos | Radèn Anatakusuma | budhal saking layapan | saha wadyakuswa umung | nêdya majêng barisira ||
203.017 angêbroki ing Talgaji | pangajêngira wus budhal | anèng Toyana barise | pasisir bang kilèn prapta | Rahadèn Jayaningrat | wau kang [26: 12] angirid laku | lawan Radèn Suralaya ||
203.018 pinarnah pakuwonnèki | wau Radèn Jayaningrat | lan Radèn Suralayane | tunggil lan radèn apatya | ingkang tinuduh ngarsa | sira Răngga Kaliwungu | lawan Ki Ngabèi Kêndhal ||
203.019 kang tinuduh anindhihi | punggawa ing Kartasura | nênggih Sutawijayane | lan Ngabèi Wiradigda | Ngabèi Rêksapraja | mangkana ingkang winuwus | sira Radèn Martapura ||
203.020 wangsul maring Dêmak malih | dening nagri Garobogan | tinilaran mantri bae | kalawan prajurit Cina | tigang dasa tinilar | lampahe wus praptèng Gubug | lajêng umarêk narendra ||
203.021 panggih lan Dipati Pathi | miwah pun Singsèh Sapanjang | suka miyarsa wartine | duk kalanira ayuda | lan wadyèng Kartasura | punggawa kalih kasambut | Singaranu Wiraguna ||
203.022 katur ing Jêng Prabu Kuning | Susunan Mangkurat Êmas | kalangkung trusthèng driyane | miyarsa ing yudanira | punggawèng Kartasura | saengga amêngsah kuntul | ingawe mabur sadaya ||
1.206–1.207 dari 1.487