Tembang macapat

Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939–41, #1024

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939–41, #1024

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
203 dari 234
1.207–1.208 dari 1.487
12.065–12.074 dari 14.865
203.026 Dipati Pathi apikir | masalah ing băndayuda | lan Radèn Martapurane | miwah pun Singsèh Sapanjang | angling Dyan Martapura | yèn puniki sami rêmbug | kang abaris ing Toyana ||
203.027 kang kula gitik rumiyin | yèn wontên ungguling yuda | inggih ta lêluwangane | wong agung Pajang Mataram | awis ingkang kemutan | maring kadigdayanipun | kathah katut ing jalanah ||
203.028 kados ing Trêmala nguni | pothol ingkang anèng ngarsa | ing wuri tambuh gawene | Radèn Arya Pringgalaya | senapatining yuda | anggêndring dènnya lumayu | tan mawi ginitik ing prang ||
203.029 sadaya anut ing pikir- | rira Radèn Martapura | pun Sapanjang miwah Singsèh | sigra angundhangi bala | samaktaning ayuda | wus budhal saking ing Gubug | sira Radèn Martapura ||
203.030 lan wadyanira kinêrig | dene kang têngga sang nata | Cina winatara bae | lawan Dipati Santênan | ginêlak lampahira | Rahadèn Martapura wus | prapta sawetan Toyana ||
203.031 pan wanci ing pukul kalih | kèndêl samya nata bala | pan ing pukul sakawane | angrampid ing pabitingan | sagung prajurit Cina | masang kalantakanipun | kêkênthung bèri wurahan ||
203.032 Kapitan Singsèh nindhihi | ramya [26: 14: ra...mya] swaraning sanjata | wadya ing jro biting kagèt | samya miranti sadaya | rame abêbêdhilan | prajurit Cina gumulung | samya ngrangsang pabitingan ||
203.033 punggawèng Kartasurèki | Ngabèi Sutawijaya | Ngabèi Rêksaprajane | Ngabèi Wirawidigda | samya minggah palatar | wong Cina akèh kasambut | sinipat saking palatar ||
203.034 Rahadèn Martapuraglis | asuwarèng wadyanira | miwah pun Kapitan Singsèh | kang wadya sarêng umangsah | samya ngantêp ing yuda | wadya jro biting atangguh | ambendrong saking palatar ||
203.035 ing pukul sakawan latri | gènira wiwit ayuda | mangkya wus gagat siyange | katingal wawas-winawas | mundur prajurit Cina | pamrihe wong Cina mundur | wong jro biting mêtonana ||
1.207–1.208 dari 1.487