Tembang macapat

Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939–41, #1024

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939–41, #1024

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
203 dari 234
1.208–1.209 dari 1.487
12.073–12.082 dari 14.865
203.034 Rahadèn Martapuraglis | asuwarèng wadyanira | miwah pun Kapitan Singsèh | kang wadya sarêng umangsah | samya ngantêp ing yuda | wadya jro biting atangguh | ambendrong saking palatar ||
203.035 ing pukul sakawan latri | gènira wiwit ayuda | mangkya wus gagat siyange | katingal wawas-winawas | mundur prajurit Cina | pamrihe wong Cina mundur | wong jro biting mêtonana ||
203.036 nanging tan purun mêtoni | bêdhil saking katêbihan | bêdhil-binêdhil arame | praptèng pukul kalih wêlas | dènnira băndayuda | prajurit Cina sadarum | samya kèndêl mêmanganan ||
203.037 dupi praptèng wanci lingsir | kilèn kang prajurit Cina | sarêng mangsah ngrangsang bètèng | sêdya ngantêp ing ayuda | Rahadèn Martapura | lan Singsèh nindhihi pungkur | kotbuta prajurit Cina ||
203.038 tan kandhêg bendrong ing bêdhil | riwut samya kang ayuda | wong Cina nguncali êlong | kobong jroning pabitingan | gègèr dening dahana | tataning baris wus kuwur | wong cilik mawur wurahan ||
203.039 cina samya amêgati | dadya wayang awuyungan | kathah bucal [26: 15: buca...l] gêgamane | biting sampun kalêbêtan | dening prajurit Cina | sira Răngga Kaliwungu | nêdya kiwul sawadyanya ||
203.040 kinarubut ing ajurit | Ki Răngga sampun palastra | tinigas utamanggane | Ki Ngabèi Wiradigda | lawan Sutawijaya | myang Rêksapraja angumpul | wadyane wus kathah pêjah ||
203.041 sakarine wus ngêmasi | agolong dènnya lumaywa | angamuk lamun kasompok | Cina tan purun parêka | dadya kinandhang-kandhang | binêdhilan saking pungkur | miwah saking keri kanan ||
203.042 prajurit Cinakèh bali | samya ngrayah pabitingan | dadya bênggang ing lampahe | Ngabèi Sutawijaya | Ngabèi Wiradigda | nêdya ngungsi bitingipun | rahadyan rêkyana patya ||
203.043 sagunging wadya kang kanin | ingkang samya dèn rêrămpa | Ngabèi Wiradigdane | Ngabèi Sutawijaya | Ngabèi Rêksapraja | samya gêgulaput êndhut | datan awarni manungsa ||
1.208–1.209 dari 1.487