Tembang macapat

Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939–41, #1024

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939–41, #1024

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
204 dari 234
1.218–1.219 dari 1.487
12.177–12.186 dari 14.865
204.042 samya narik pêdhangipun | wênèh angancari bêdhil | anjungkêl radèn apatya | anèng saluhuring kursi | anarka pêdhang tumiba | marang ing angganirèki ||
204.043 pan ing saya dangu-dangu | pêdhang tan ana nibani | jênggèlèk sarwi ngandika | mring kumêndur komasaris | punapi awak manira | tan kêni tutur sayêkti ||
204.044 komasaris sauripun | sampun radèn botên kêni | pan kula punika darma | timbalane sri bupati | sayêkti ajrih kawula | kang parentah sang narpati ||
204.045 gya pinarnahakên sampun | ing gêdhong wus dèn parèsi | kang wadya wus ginusahan | kinèn mring pondhokirèki | Tumênggung Tirtawiguna | mawur wadya kang mirsèki ||
204.046 asewangan bubaripun | pakuwon wus dèn jarahi | Tumênggung Tirtawiguna | wus lumampah dutanèki | atur uningèng narendra | yèn radèn rêkyana patih ||
204.047 ing mangkya sampun kapikut | pinarèsi nèng jro loji [26: 29] | duta praptèng Kartasura | wus katur ing sri bupati | langkung sukane ing driya | dènnya nir kalilipnèki ||
204.048 nênggih warnanên ing dangu | duk Radèn Pringgalayèki | kawone saking Trêmala | sarêng dhatêng ingkang tulis | atur uninga sang nata | susahe galih narpati ||
204.049 kapitan samana gupuh | gènira gya kintun tulis | dhumatêng ing bangsanira | mring kumêndur komasaris | nêdha bantuning ayuda | de mangsah Cinagêng prapti ||
204.050 samana sampun arêmbug | komasaris anuruti | sapanêdhane kapitan | Kartasura dèn bantoni | marmanira binantonan | amrih kêkaha kang jurit ||
204.051 komasaris kalihipun | malah wus amarentahi | mring punggawèng Kartasura | kinèn asaosa sami | tundhan kang badhe ambêkta | obat mimising Kumpêni ||
1.218–1.219 dari 1.487