Tembang macapat

Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939–41, #1024

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939–41, #1024

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
204 dari 234
1.222–1.223 dari 1.487
12.215–12.224 dari 14.865
204.080 anyêmpal lêlakonipun | anambêli dhalang luwih | kêlire pan dèrèng rucat | gamêlan maksih ngrêrangin | dhalange sêlak karipan | têka malêbu ing loji ||
204.081 Sapanjang Singsèh angrungu | langkung angungun tan sipi | ambanting teko patehan [26: 33: pate...han] | kalih samya mrêbês mili | baya ta kurang pracaya | radèn patih marang mami ||
204.082 lêbura dèn kadi banyu | wong Cina nora ngoncati | katon yèn agêng sihira | dhuh gusti radèn apatih | tuwan anglabuhi lara | abdine ingkang pêpulih ||
204.083 asupata kalihipun | kawula dika sêksèni | yèn tan bêdhah Kartasura | kèdêka dèn kadi siti | lêbura madyaning yuda | Dipati Pathi nimbangi ||
204.084 myang Radèn Martapurèku | kalih samya ambanting kris | rêmbag samyatur uninga | mring gusti Sang Prabu Kuning | yèn ingkang eyang punika | kapikut malêbèng loji ||
204.085 kang caraka praptèng Gubug | katur ing Sang Prabu Kuning | kalangkung pangungunira | ngrungkêp saari saratri | Dipati Pathi ngandika | lan Radèn Martapurèki ||
204.086 Singsèh Sapanjang tan kantun | kang baris Toyana kêrig | budhal mring Gubug sadaya | ing marga datan kawarni | wus praptèng Gubug sadaya | wau sagunging prajurit ||
204.087 lajêng marêk ing sang prabu | Dipati Pathi tur bêkti | tuwin Radèn Martapura | umatur Dipati Pathi | gusti ing lampah punika | tinutugakên pribadi ||
204.088 eyang paduka pukulun | pan inggih sampun pinasthi | bêbantên ing tanah Jawa | paduka kantun amukti | kawula arsa gitika | mring Kartasura tumuli ||
204.089 mumpung Samawis pukulun | mangkya sawêg ulah pikir | sagunging prajurit Cina | sampun kawula tarosi | sumăngga ing rèh kawula [26: 34: ka...wula] | dèn ungkurna ywa tinari ||
1.222–1.223 dari 1.487