Tembang macapat

Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939–41, #1024

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939–41, #1024

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
204 dari 234
1.215–1.216 dari 1.487
12.144–12.153 dari 14.865
204.009 besuk nèng Bahrawa ingsun | arsa nêrangakên pikir | yèn tan kanggo atur ingwang | ing kono sun cawêt gilig | sun rewangi bêng-ubêngan | pan iya ingsun lakoni ||
204.010 măngsa kudhisana ingsun | angakahi tanah Jawi | yèn sang nata maksih dhahar | ature wong kang darêngki | nora nganggo atur ingwang | pasthi jagat datan bêcik ||
204.011 hèh Surayuda Parêmbun | ing besuk muliha aglis | kalawan Si Nilasraba | Si Sewabăngsa ywa kari | wong Pagêlèn ayomana | sira apacaka baris ||
204.012 atêpunga sira besuk | lan wonge Si Adipati | Jayaningrat Pakalongan | besuk angadêgna baris | nulya sagung para lurah | asupata gênti-gênti ||
204.013 ing samêngko awak ingsun | pama lumpuh wuta tuli | nanging sun kuku mangangkang | arja siyung purasani | iku padha kawruhana | wadya sadaya wotsari ||
204.014 sigra wau aturipun | Radèn Sujanapurèki | mênggah ing rayi sampeyan | lan putra sampeyan nênggih | kang kantun nèng Kartasura | paran rèh paduka benjing ||
204.015 rahadèn angandikasru | gampang paman anak [26: 25: a...nak] rabi | sok ugi kadadèhana | paman lêlakon puniki | nulya angundhangi bala | budhal ing sadina benjing ||
204.016 ing ratri datan winuwus | enjing sagunging prajurit | sadhiya anata wadya | ing lampah wus dèn undhangi | dèn arakit anèng marga | ngambah talatah Samawis ||
204.017 budhal saha bala umung | tanpa wilangan wadyalit | ing marga tan winursita | ing Lampèr samana prapti | amakuwon saha bala | rahadèn rêkyana patih ||
204.018 kèndêl tan anawèh wêruh | praptane mring komasaris | Kumpêni tan munasika | antara ing tigang ratri | rahadèn patih ngandika | duk ing wanci pukul kalih ||
1.215–1.216 dari 1.487