Tembang macapat

Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939–41, #1024

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939–41, #1024

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
204 dari 234
1.214–1.215 dari 1.487
12.136–12.145 dari 14.865
204. Kinanthi
204.001 rahadèn patih sadalu | tanpa sare mêrêm mêlik | kang kacipta jroning nala | ing karsa mandhêg anolih | yèn ingsun anutugêna | amomong ing Sri Garêndi ||
204.002 liwat nisthane wak ingsun | dene wus corah ing warti | lêlakoningsun punggêla | tan wande ingsun bilahi | Si Garêndi sun cêkêla | sun aturna mring sang aji ||
204.003 abangêt niayaningsun | pasthi ngayunan tinagih | besuk nèng alam ngakerat | dene ku panggawe mami | kayapriye solah ingwang | samana wus gagat enjing ||
204.004 nimbali pêpatihipun | Surajaya praptèng ngarsi | lan sagunging para lurah | sadaya wus praptèng ngarsi | rahadèn patih ngandika | sira kabèh ingsun todhi ||
204.005 trêsnanira marang ingsun | pa milu sabaya pati | utawa kalamun ora | padha matura sayêkti | pra lurah samya karuna | dhuh gusti sang adipati ||
204.006 anjanmaa kaping sèwu | tan adarbe tingal kalih | yèn maksih nèng tanah Jawa | lêbura dèn kadi siti | sanadyan gusti nabranga | yèn kenging milwa nglabuhi ||
204.007 kang putra sadaya rawuh | praptèng ngarsa awotsari | Adipati [26: 24: A...dipati] Jayaningrat | Radèn Natawijayèki | lan Radèn Wiryadiningrat | punika kang sangêt sakit ||
204.008 marma sangêt rêntêngipun | tyasira radèn apatih | dene sakite kang putra | nuju tog-toging prakawis | rahadèn patih ngandika | kabèh wadya-wadya mami ||
204.009 besuk nèng Bahrawa ingsun | arsa nêrangakên pikir | yèn tan kanggo atur ingwang | ing kono sun cawêt gilig | sun rewangi bêng-ubêngan | pan iya ingsun lakoni ||
204.010 măngsa kudhisana ingsun | angakahi tanah Jawi | yèn sang nata maksih dhahar | ature wong kang darêngki | nora nganggo atur ingwang | pasthi jagat datan bêcik ||
1.214–1.215 dari 1.487