Tembang macapat

Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939–41, #1024

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939–41, #1024

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
205 dari 234
1.224–1.225 dari 1.487
12.236–12.245 dari 14.865
205.012 kèndêl sadalu lampahnya | enjingipun majêng saha wadya tri | amakuwon Kaligandhu | sampun ayun-ayunan | anèng Tingkir kang mêngsah ing cucukipun | wau ta sri naranata | anglampahakên dutaglis ||
205.013 animbali Radèn Arya | Pringgalaya duta ing Kampak prapti | kabèh tinimbalan mundur | dening wartining mêngsah | miyos kilèn nèng Salatiga angumpul | bubar Arya Pringgalaya | lan Malayakusumèki [26: 36: Malayakusu...mèki] ||
205.014 Tumênggung Mangunnagara | Singaranu sutanya kang gumanti | tuwin Ki Wiragunèku | sunu ingkang gumantya | lampahira nagri Kartasura rawuh | linajêngakên saksana | abantua ngilèn sami ||
205.015 lajêng Arya Pringgalaya | lampahira praptèng lor Bayalali | dènira baris ing Ambuh | kunêng Dyan Martapura | têlikira saking Kartasura rawuh | praptane atur uninga | yèn sagunging pra dipati ||
205.016 mangkya kumpul barisira | pan miyarsa mêngsah dadya satunggil | kang baris ing Kampak kêbut | suka alatah-latah | sigra nuduh ing mantrinira sapuluh | pinanganggèn cara Cina | wangsul angetan dèn aglis ||
205.017 anglèncèra anèng Kampak | nêlukêna desa kang kanan keri | iya dêdimène bingung | wadya ing Kartasura | dyan lumampah samya pinanganggèn wulung | wau kang mantri sadasa | praptèng Kampak pacak baris ||
205.018 gègèr kang samya dèn bahak | sampun katur mring kangjêng sri bupati | yèn ing Kampak ana mungsuh | ya ta nimbali sigra | pan pinêthil wau kang baris ing Ambuh | Radèn Malayakusuma | lawan Mangunnagaraglis ||
205.019 kinèn baris ing Tanawas | sampun budhal wau punggawa kalih | garawalan lampahipun | wus prapta ing Tanawas | Radèn Martapura myarsa nampèl pupu | bingunge wong Kartasura | punggawa tan pijêr ngising ||
205.020 nulya wau pirêmbagan | Martapura lawan Dipati Pathi | kang abaris Kaligandhu [26: 37] | dawêg samya pinacak | yèn wus tugêl ing ngarsa kang anèng pungkur | măngsa dadia abahan | Si Arya Pringgalayèki ||
205.021 tate jago pêpêdhotan | Pringgalaya ika satriya licik | amung jail warisipun | myarsaa yèn sun mangsah | Pringgalaya pasthi minggat mambu ilu | duk lumaywa saking Bicak | binujung wong tunggu pari ||
1.224–1.225 dari 1.487