Tembang macapat

Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939–41, #1024

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939–41, #1024

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
205 dari 234
1.223–1.224 dari 1.487
12.226–12.235 dari 14.865
205.002 miwah sagung pra dipatya | wus sayaga arsa budhal sang aji | sigra atêngara umung | kang tinilar ing Dêmak | mantri wingking kalawan wong Cina satus | sêdyanjog ing Salatiga | lampahe sang madêg aji ||
205.003 măngka panganjuring lampah | pun Cik Macan lawan pun Mudha Êtik | tuwin Ngabèi Ping Bulung | dene prajurit Jawa | Kartawirya kalawan pun Rănggajanur | lan Tumênggung Wirajaya | Martapura kang nindhihi ||
205.004 lawan pun Singsèh Sapanjang | Ki Dipati Pathi umunggwèng wuri | kang rumêksèng gustinipun | gêgaman abra sinang | warna-warna ing marga datan winuwus | pangarsanira wus prapta | ing Salatiga kang baris ||
205.005 samya angêlar jajahan | nêlukakên wong desa kanan keri | kang băngga rinayah sampun | gègère apuyêngan | Singajaya Singapatra samya gupuh | atur uningèng narendra | yèn mungsuh nèng Lèpèncacing ||
205.006 lampahe dadya satunggal | Martapura lawan Dipati Pathi | lan ambêkta ratunipun | kêrig sagung wong Cina | sri narendra kapitan nimbali gupuh | mring Tumênggung Mangkuyuda | lan Tumênggung Rajaniti ||
205.007 lawan Radèn Mangkupraja | praptèng ngarsa ngandika sri bupati [26: 35] | sira amapaga mungsuh | mêngko nèng Salatiga | Ki Tumênggung Rajaniti nêmbah matur | abdi dalêm Dipayuda | ing Pamrêdèn yèn suwawi ||
205.008 tumuta lampah kawula | sri narendra ngandika iya bêcik | tinimbalan praptèng ngayun | sang nata angandika | Dipayuda milua amapag mungsuh | tur sêmbah Ki Dipayuda | Wirajaya anambungi ||
205.009 saking wuri alon mojar | ing Têngaran Jurang puniku adhi | mung puniku dika rêbut | ywa kongsi kasabrangan | dening mungsuh dadia bètènging batur | Rajaniti nolih wuntat | nanging datan anauri ||
205.010 mangkana yèn angucapa | majanani kakang Wirajayèki | wong atine nora jujur | dyan punggawa katiga | sarêng nêmbah sakawan Dipayudèku | lèngsèr saking ngarsa nata | sapraptanira ing jawi ||
205.011 samakta prajuritira | sigra budhal Tumênggung Rajaniti | lan Radèn Mangkuprajèku | Tumênggung Mangkuyuda | ing Pamrêdèn Ngabèi Dipayudèku | ing marga tan winursita | ing Têngaran sampun prapti ||
1.223–1.224 dari 1.487